Padha wedia marang Gusti Allah
1(4-17) Reksanen sikilmu, manawa kowe lumebu ing padalemaning Allah; nyedhak prelu ngrungokake iku luwih becik tinimbang karo nyaosake kurban kang ditindakake dening para wong bodho, amarga iku ora mangreti, manawa padha nglakoni piala.
2(5-1) Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae.
3(5-2) Awit kayadene jalarane ngimpi iku marga saka akehing pagawean, mangkono uga rembuge wong bodho iku iya marga saka akehe tembung-tembunge.
4(5-3) Manawa kowe duwe nadar ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengane ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu.
5(5-4) Luwih becik kowe ora duwe nadar katimbang duwe nadar nanging ora koktetepi.
6(5-5) Aja nganti kowe katuntun dening cangkemmu marang ing dosa, sarta aja matur ana ing ngarsane utusaning Allah manawa kowe tumindak kliru. Yagene ta tembung-tembungmu kok nganti ndadekake dukaning Allah ing bab pangucapmu lan banjur ngrusak pagaweaning tanganmu?
7(5-6) Amarga kayadene impen iku akeh, mangkono uga tetembungan kang tanpa paedah iku uga akeh. Nanging wedia marang Gusti Allah.
Bab tanpa paedahe kasugihan
8(5-7) Manawa ana ing sawijining dhaerah kowe nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowe aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkate padha ngulat-ulatake wong-wong mau.
9(5-8) Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.
10(5-9) Sing sapa nresnani dhuwit ora bakal wareg dhuwit lan sing sapa tresna marang kasugihan ora bakal marem marang pametune. Iki iya tanpa paedah.
11(5-10) Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?
12(5-11) Wong kang nyambut gawe iku turune kepenak, sanadyan mangane sathithik utawa akeh; nanging mubra-mubruning wong sugih marakake ora bisa turu.
13(5-12) Aku weruh kaanan kang nyedhihake banget ana ing sangisoring langit: kasugihan kang kasimpen dening kang duwe njalari kacilakane dhewe.
14(5-13) Lan kasugihan iku sirna marga saka kojure, satemah ora duwe apa-apa kanggo anake.
15(5-14) Kayadene anggone metu saka ing guwa-garbane ibune, mangkono uga anggone bakal lunga, iya wuda kaya nalikane teka lan ora oleh apa-apa saka ing kangelane kang kena digawa.
16(5-15) Iki uga kaanan kang nyedhihake. Kayadene anggone teka, mangkono uga anggone bakal lunga. Banjur apa kauntungane wong kang wus kangelan mburu angin iku?
17(5-16) Malah salawase uripe ngrasakake gela lan sedhih; akeh kasusahane, kasangsarane lan kang marakake anyel.
18(5-17) Lah kang dakanggep becik lan prayoga iku: mangan ngombe lan seneng-seneng ing sajroning pagaweane kang dilakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit ing salawase uripe kang cendhak, kang diparingake dening Gusti Allah, awit yaiku pandumane.
19(5-18) Saben wong kang kaparingan kasugihan, raja-brana lan pangwasa dening Gusti Allah kang bisa dirasakake minangka pandumane, banjur bisa seneng-seneng ing sajroning kangelane, iku uga ganjarane Gusti Allah.
20(5-19) Wong mau arang-arang ngeling-eling marang uripe, amarga Gusti Allah marengake tansah ngrasakake kasenenganing atine.