Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 5 >> 

Paukumane Sang Yehuwah ora kena disingkirake

1Lurung-lurung ing Yerusalem padha liwatana, tamatna lan titenana temenan! Titinen ing ara-arane, apa ana wong siji-sijia, apa ana kang nindakake kaadilan lan kang ngupaya kabeneran. Ingsun bakal paring pangapura marang kutha iku.

2Sanadyan padha ngucap: “Demi Sang Yehuwah kang gesang,” ewadene supatane iku palsu.

3Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan? Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika, ewadene boten ngraos sakit. Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika, ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi. Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela, lan sami boten purun mratobat.

4Aku banjur nggagas: “Iku kabeh mung wong cilik, iku wong-wong bodho, awit padha ora ngreti marang margining Sang Yehuwah, angger-anggere Gusti Allahe.

5Prayogane aku marani para wong gedhe, lan rembugan karo wong-wong iku, amarga wong iku kang padha ngreti marang margine Sang Yehuwah, angger-anggere Gusti Allahe.” Nanging kabeh-kabeh wus padha mutungi pasangan lan medhoti tali-talining panancang.

6Mulane bakal padha dipateni dening singa kang metu saka ing alas, lan disempal-sempal dening asu ajag ing ara-ara kang garing. Macan tutul bakal ngintip ana ing pinggiring kutha-kuthane, angger wong kang metu, bakal ditubruk. Amarga panerake akeh banget lan panasare gedhe banget.

7Kapriye yen mangkono, apa Ingsun bisa ngapura iku? Anak-anakira wus padha nyingkur marang Ingsun, lan padha supata demi kang dudu allah. Sawuse Sunwaregi banjur padha laku bedhang, lan padha gegembyakan menyang ing pelonthen.

8Wong-wong iku jaran lanang kang lemu lan dremba, padha mbeker melik marang bojoning liyan.

9Wong-wong iku apa ora Sunukum, marga saka iku kabeh? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Apa Ingsun ora males marang bangsa kang kaya mangkono iku?

10Meneka ing kebon anggure kang mawa andha, rusaken, nanging aja dientekake babar pisan. Carang-carange wit anggur buwangana amarga iku kabeh dudu kagungane Sang Yehuwah!

11Amarga tedhak turune Israel lan Yehuda -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- wus nyidrani Ingsun temenan.

12Wong iku padha nyelaki Sang Yehuwah, lan ngucap: “Panjenengane ora nindakake apa-apa! Aku padha ora nemahi bilai, aku ora bakal ngalami perang lan pailan.

13Para nabi iku bakal dadi angin, padha ora kanggonan pangandikane Sang Yehuwah.”

14Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Allahing kang sarwa dumadi mangkene: “Sarehne padha ngucap mangkono, mulane bakal kelakon mangkene tumrap wong iki: Lah Ingsun bakal ndadosake pangandikaningSun dadi geni ana ing cangkemira, lan bangsa iki dadi kayubong, dene geni bakal ngobong dheweke nganti entek.

15He tedhak turune Israel, lah Ingsun bakal ndhatengake bangsa saka ing tanah adoh, kang nempun marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- bangsa kang kuwat santosa, kang anane wiwit kuna mula, lan ora koksumurupi basane lan ora kokngreteni kang dikandhakake.

16Endhonge kaya kubur kang menga, kabeh padha wong prawira.

17Bakal padha ngentekake panenan lan panganira, bakal mangan anakira lanang lan wadon nganti entek, bakal ngentekake wedhus-wedhusira lan sapi-sapinira, bakal padha ngentekake wit anggurira lan wit anjirira, lan nggempur kalawan pedhang, kutha-kuthanira kang sentosa, kang sira andelake.”

18“Nanging ing wektu iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun ora bakal damel tumpesira babar pisan.

19Lan manawa sira besuk takon-takon: Apa ta prelune Sang Yehuwah, Gusti Allah kita nindakake prakara iku mau marang kita?, sira wangsulana mangkene: Kayadene anggonira wus nyingkur marang Ingsun lan ngawula marang allah liyane ing nagaranira, sira iya bakal ngawula marang bangsa liya ana ing nagara kang dudu nagaranira.”

20Iki sira kandhakna marang para turune Yakub lan iku sira wartakna ana ing tanah Yehuda, padha sira kandhanana mangkene:

21“Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi, kang duwe mripat nanging ora ndeleng, lan duwe kuping, nanging ora krungu!

22Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese.

23Nanging bangsa iki atine tansah nglawan lan mbalela, wis padha nyimpang lan ngilang.

24Ing sajroning atine ora padha mosik: Prayogane kita padha wedi marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang paring udan ing kalamangsane, udan ing wiwitan lan wekasaning mangsa, lan netepake mangsa panen kang mesthi kanggo kita.

25Durakanira kang ngalang-alangi iku kabeh, lan dosanira kang ngrendhetake kang becik tumrap sira.

26Satemene, umatingSun ana kang duraka lan masang jaringe, kaya juru mikat manuk kang masang kalajirete, anggone padha nyekeli manungsa.

27Kaya kurungan kang kebak manuk, kaya mangkono omahe kebak isi paracidra, iku kang njalari dadi wong gedhe lan sugih,

28padha lemu ginuk-ginuk. Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala, ora mreduli marang angger-angger, ora menangake prakarane bocah lola, lan ora mbelani wewenange wong mlarat.

29Apa Ingsun ora bakal matrapi paukuman marang wong kang padha tumindak mangkono? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Apa Ingsun ora males ukum marang bangsa kang kaya mangkono iku?”

30Ing nagara iki tinemu bab kang ngebat-ebati lan ngeres-eresi:

31Para nabi nglairake pameca palsu, para imam mulang sakarep-karepe, lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku! Nanging apa kang bakal sira lakoni samangsa wus tekan ing wekasane?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel