Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 11 >> 

Ratu katentreman kang bakal rawuh

1Ana trubusan kang bakal thukul saka ing tunggaking Isai, lan ana semen kang tuwuh saka ing oyode kang bakal metokake woh.

2Iku bakal katedhakan Rohe Sang Yehuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yehuwah;

3malah wedi-asih marang Sang Yehuwah iku kang dadi karemenane. Panjenengane ora bakal ngadili mung waton pamirsane satleraman bae utawa ndhawahake putusna manut paturaning wong.

4Nanging bakal ngakimi para wong sekeng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran; anggone ngrangket bumi kalawan pangandikane kayadene kalawan lantaran, tuwin kalawan napasing lesane anggone bakal nyirnakake wong duraka.

5panjenengane ora bakal nyimpang saka ing kabeneran lan kasetyan, kayadene sabuk kang tetep tumali ing bangkekan.

6Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gembel lan macan tutul bakal mlegung ana ing sandhinging wedhus. Pedhet lan anak singa bakal nyenggut bebarengan, tuwin bakal kagiring ing bocah cilik.

7Sapi lan bruwang bakal nyenggut bebarengan lan anak-anake bakal plegungan tunggal enggon, dene singa bakal mangan dami kaya sapi.

8Bocah suson bakal dolanan ing sacedhake rong ula bedhudhak, tuwin bocah sapihan bakal rogoh-rogoh ing ronging ula mandi.

9Ora ana kang bakal nglakoni ala ana tumindak ora becik ana ing sawewengkone gunungingSun kang suci, amarga saindenging bumi kapenuhan ing kawruh bab Sang Yehuwah, kayadene banyuning sagara kang nasabi dhasare.

10Ing wektu iku trubusan ing oyoding Isai bakal jumeneng dadi gendera tumrap para bangsa; kang bakal kaupaya dening para suku bangsa sarta padalemane bakal dadi mulya.

Kekarene Israel bakal bali

11Ing wektu iku Pangeran bakal ngayatake astane maneh prelu nebus kekarening umate kang isih ana ing Asyur lan ing Mesir, ing Patros, ing Etiopia lan ing Elam, ing Sinear, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing sagara.

12Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa, bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang, sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat.

13Kumerening Efraim bakal ilang, lan kang ngrupeki Yehuda bakal sirna. Efraim ora bakal meri maneh marang Yehuda, sarta Yehuda ora bakal ngrupeki Efraim maneh.

14Nanging bakal padha mabur mangulon, menyang ing ereng-erenging gunung Filisti, bakal njarah-rayah bani Timur bebarengan; bakal padha ngrampas Edom lan Moab, sarta wong Amon bakal padha teluk.

15Sang Yehuwah bakal ngesat teluk Mesir kalawan napase kang nggesengake, tuwin ngayatake astane marang bengawan Efrat, kang nuli kapupuh temah pecah dadi kali pitu, njalari wong banjur bisa liwat nganggo trumpah.

16Banjur bakal ana dalan gedhe kanggo kekarene umate kang isih ana ing Asyur, kaya kang biyen wis ana kanggo Israel, nalika padha metu saka ing tanah Mesir.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel