Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 37 >> 

Yerusalem uwal saka ing astane Sang Prabu Sanherib

1Bareng Sang Prabu Hizkia mireng kang mangkono iku, sanalika iku uga banjur nyuwek-nyuwek pangagemane, sarta banjur sesingeb bagor tuwin tumuli lumebet ing padalemaning Yehuwah.

2Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna sekretaris nagara tuwin para tetuwaning imam uga banjur kautus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor.

3Iku padha matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha kawirangan; sabab sampun dumugi ing lekipun badhe nglairaken jabang-bayi, nanging boten wonten kakiyatan kangge nglairaken.

4Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget pangucapipun, sampun midhanget pangucapipun priyagung juru pangunjukan ingkang kautus dening ratu ing Asyur, gustinipun, supados ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, lajeng badhe paring paukuman, margi saking tembung-tembungipun ingkang sampun dipun pirengaken punika. Milanipun panjenengan kula aturi ndedonga kangge tirahan ingkang taksih kantun punika!”

5Nalika para priyagung abdine Sang Prabu Hizkia wus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya,

6banjur padha dipangandikani dening Nabi Yesaya mangkene: “Sami kula aturi munjuk dhumateng gusti panjenengan: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang diucapake dening para bature raja Asyur kanggo ngala-ala marang Ingsun iku.

7Lah Ingsun bakal ngutus roh supaya manjingi dheweke, kang njalari banjur mulih menyang ing nagarane amarga krungu sawijining kabar; Ingsun bakal damel supaya raja iku ambruk mati dening pedhang ana ing nagarane dhewe.”

8Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.

9Nalika samana Sang Prabu mireng kabar bab Sang Prabu Tirhaka, ratu nagara Etiopia, mangkene: “Panjenenganipun sampun pangkat badhe perang nglawan panjenengan dalem,” tumuli ngintunake utusan-utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kanthi kaweling mangkene:

10“Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mangkene: Panjenengan sampun ngantos kenging dipun apusi dening Allah panjenengan ingkang panjenengan ugemi saha ingkang paring janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

11Lah ta panjenengan sampun mireng bab punapa ingkang katandukaken dening para ratu ing Asyur dhumateng nagari-nagari sadaya, inggih punika sampun sami katumpes; punapa inggih panjenengan badhe kaluwaran?

12Punapa para allahipun para bangsa ingkang sampun kasirnakaken dening leluhur kula, saged ngluwari bangsa-bangsa wau, inggih punika Gozan, Haran, Rezef tuwin para turunipun Eden ingkang wonten ing Telasar?

13Wonten ing pundi ta ratu ing nagari Hamat saha Arpad, ratu ing kitha Sefarwaim, ratu ing nagari Hena sarta Iwa?”

14Sang Prabu Hizkia tampi layang mau saka ing tangane para utusan, banjur kawaos; sawuse maos nuli lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Yehuwah.

15Sang Prabu Hizkira tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, unjuke:

16“Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahipun Israel ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Allahipun sakathahing karajan ing bumi; Paduka ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.

17Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nanggapaken talingan Paduka saha karsaa miyarsakaken; dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngelekaken paningal paduka saha karsaa mirsani; Paduka mugi karsaa midhangetaken sakathahing pitembunganipun Sanherib, ingkang kakintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.

18Dhuh Yehuwah, para ratunipun nagari Asyur pancen sampun nyirnakaken sakathahing bangsa sanagarinipun,

19saha allahipun sami kacemplungaken ing latu, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung kadamel dening tanganing manungsa, kajeng tuwin sela, mila saged karisak dening tiyang.

20Ingkang punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, sapunika mugi Paduka karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados sakathahing karajan ing bumi sami sumerep, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Pangeran Yehuwah.”

21Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Bab apa kang wus sira unjukake marang Ingsun ana ing pandonga tumrap Sanherib, ratu ing Asyur,

22mangkene pangandika kang wus kalairake dening Sang Yehuwah tumrap ratu iku: Kenya, yaiku putri ing Sion, wus ngremehake sira, wus moyoki sira; sarta putri ing Yerusalem wus gedheg-gedheg ana ing burinira.

23Sapa kang sira cacad lan sira ala-ala iku? Sapa kang sira sumbari lan kang sira deleng kalawan gumunggung iku? Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!

24Sira wus nenacad Pangeran lumantar para baturira, sarta sira wus ngucap: Ingsun wus munggah ing papan-papan kang dhuwur ing pagunungan, kalawan kretaningsun kang akeh cacahe, menyang papan kang adoh dhewe ing gunung Libanon; ingsun wus negori wit-wite eres kang gedhe dhuwur, wit-wite beros kang pilihan; ingsun wus lumebu ing panggonan kang dhuwur kang ana ing poncot dhewe, menyang ing alase wit-witan kang ketel.

25Ingsun iki wus ndhudhuk banyu lan wus ngunjuk banyu; ingsun wus ngasatake sakehing kali ing tanah Mesir kalawan tlapaking sampeyaningsun!

26Apa sira durung krungu, manawa wus suwe banget anggoningSun memtokake iku mau kabeh lan wus wiwit jaman purwa anggoningSun ngrancang? Saiki iku Sunwujudake, yaiku anggonira gawe sepi mamringe kutha-kutha beteng sira dadekake tumpukan watu,

27dene wong-wong kang padha manggon ing kono kang tanpa daya banjur padha kaget lan wirang; padha dadi kaya tetuwuhan ing ara-ara lan kaya suket kang ijo, kaya suket kang ana ing payon, utawa kaya gandum kang alum sadurunge tuwa.

28Ingsun mirsa, manawa sira tangi utawa lungguh, manawa metu utawa lumebu, utawa manawa sira ngamuk marang Ingsun.

29Ing sarehne sira wus ngamuk marang Ingsun, lan tembung-tembungira kang gumunggung wus sumengka marang ing talinganingSun, mulane Ingsun bakal ngetrapake keluhingSun ing irungira tuwin kendhaliningSun ing lambenira, sarta Ingsun bakal ngulihake sira liwat ing dalan, kang sira liwati nalika teka.

30Anadene iki kang bakal dadi tandhal tumrap sira, he Hizkia: Ing sajroning taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, lan ing taun kang kapindho apa kang tuwuh saka tanduran kang kawitan, nanging ing sajroning taun kang katelu sira bakal nyebar, banjur panen gawe kebon anggur lan mangan wohe.

31Panunggalane turune Yehuda kang padha bisa oncat, yaiku para wong kang isih kari, bakal ngoyod maneh mangisor sarta mandhuwur metokake woh.

32Awit saka ing Yerusalem bakal metune wong-wong kang kari lan saka ing gunung Sion wong-wong kang bisa oncat; bentering panggalihe Yehuwah, Gustine sarwa dumadi kang bakal tumindak mangkono.

33Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Wong iku bakal ora lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panahe mrene; uga ora bakal nekani kalawan tameng lan uga ora bakal ngundhug-undhug lemah kanggo tanggul pangepungan.

34Dheweke bakal mulih liwat ing dalan, kang diliwati nalika teka, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

35Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

36Kacarita Malekate Pangeran Yehuwah nuli miyos lan mejahi wong kang ana ing tarub-tarube Asyur satus wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun iku kabeh wus padha dadi jisim.

37Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, banjur bidhal kondur sarta lereb ana ing kutha Niniwe.

38Ing sawijining dina nalika panjenengane lagi sujud sembahyang ana ing kabuyutane Nisrokh, allahe, banjur kasedanan kalawan pedhang dening para putrane, yaiku Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sareser, kang nuli padha ngungsi menyang ing tanah Ararat, Pangeran Esarhadon, putrane kang banjur gumanti jumeneng ratu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2022
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran