Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 60 >> 

Kamulyaning Sion kang bakal kaparingake

1Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira.

2Awit lah pepeteng nglimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyane katingal mayungi sira.

3Para bangsa padha gumrudug marani pepadhangira, tuwin para raja padha nekani cahya kang mletheki sira.

4Ndengengeka lan ndelenga sakubengira, wong kabeh padha nglumpuk marani sira; anak-anakira lanang padha teka saka ing adoh, dene anak-anakira wadon padha digendhong.

5Ing nalika iku sira bakal eram ndeleng iku lan bungah banget sira bakal gumun lan bakal gedhe atinira, amarga lubering kasugihan ing sabranging sagara bakal ngalih marang sira, lan kasugihane para bangsa bakal nekani sira.

6Unta kang akeh cacahe bakal ngebaki wilayahira, unta-unta enom saka ing Midian lan Efa. Iku bakal padha teka saka ing Syeba, kalawan momot emas lan menyan, sarta martakake pakaryaning Sang Yehuwah kang misuwur.

7Sakehing wedhus ing Kedar bakal nglumpuk ana ing ngarepira, wedhus lanang saka ing Nebayot bakal cumawis kanggo pangibadahira; kabeh iku bakal kacaosake ana ing misbyahingSun minangka kurban kang ndadekake keparengingSun, sarta Ingsun bakal damel sumoroting padalemaningSun kang agung.

8Sapa kang padha teka nglayang-nglayang kaya mega iki lan kaya manuk dara kang marani lawanging pagupone iki?

9Sanyata Ingsun kang dianti-anti dening pulo-pulo kang adoh; kapal-kapal ing Tarsis padha lumaku ana ing ngarep, padha nggawa anak-anakira lanang saka ing adoh, sarta momot salaka lan emas, kagem asmaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira lan marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allnahe Israel, sabab Panjenengane paring kalulhuran marang sira.

10para wong ngamanca bakal padha mbangun tembokira, tuwin para ratune bakal ngladeni sira; amarga sajroning bebenduningSun sira wus Sunrangket mung bae Ingsun wus kepareng paring sih-piwelas marang sira.

11Gapura-gapuranira bakal tansah menga rina lan wengi ora bakal kainebake, supaya wong bisa marakake kasugihane para bangsa marang sira, bebarengan karo para ratune kang padha digiring dadi tawanan

12Lah bangsa lan karajan kang ora gelem suwita marang sira mesthi bakal sirna; bangsa-bangsa iku bakal karusak, katumpes.

13Kamulyaning gunung Libanon yaiku wit beros, wit berangan lan wit cemara, bakal uga digawa pisan menyang ing ngarepira, kanggo ngrerengga wewengkone padalemaningSun kang suci, sabab Ingsun arsa damel mulyaning papan kang kaidak ing sampeyaningSun.

14anak-anake para wong kang nindhes sira bakal padha marani sira kalawan tumungkul, lan sakehe wong kang padha ngala-ala sira bakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira; sarta baka nyebut sira, “kuthaning Pangeran Yehuwah”, “Sion, kagungane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”.

15Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal, disengiti lan ora ditekani ing wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-tumurun.

16Sira bakal nesep susuning para bangsa lan bakal ngombe susuning karajan-karajan; ing kono sira banjur bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira, lan Panebusira, Kang Mahasusi, Gusti Allahe Yakub.

17Minangka gegentining tembaga Ingsun bakal maringi emas, wesi Sunlironi salaka, kayu Sunlironi tembaga, tuwin watu Sunlironi wesi; Ingsun bakal maringi tentrem-rahayu lan kaadilan kang bakal ngayomi lan nata uripira.

18Ing nagaranira ora bakal ana maneh kabar bab tumindak kanthi kekerasan, bab karusakan utawa gempuran ing wewengkonira; sira bakal ngarani tembokira “Rahayu” lan gapura-gapuranira “Pangalembana”.

19Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap sira lan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi, nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira.

20Sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau surup lan rembulan kang ora angslup, amarga Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang kang langgeng tumrap sira, tuwin dina-dinane anggonira nandhang susah bakal diuwisi.

21Kabeh kang ngenggoni sira para wong bener, anggone padha nduweni nagara iku ing salawas-lawase; padha kaya cangkokan kang Suntanem piyambak kanggo ngatonake kaluhuraningSun.

22Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe, tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake iku ing wektu kang wus Suntemtokake.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 60 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel