Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 115 >> 

1Dhuh Allah, sampun dhateng kawula, inggih sampun dhateng kawula, namunga asma Paduka kémawon ingkang kamulyakaken, awit saking sih lan kasetyan Paduka.

2Kénging menapa para umat ngantos sami mungel mekaten, "Allahé wong kuwi ana ing ngendi?"

3Allah kita ana ing swarga; Panjenengané nindakaké apa sakersané.

4Brahalané para umat digawé saka slaka utawa emas, garapané tangané manungsa.

5Padha duwé cangkem, nanging ora bisa clathu, padha duwé mripat, nanging ora bisa ndeleng.

6Padha duwé kuping, nanging ora bisa ngrungu, padha duwé irung, nanging ora bisa ngambu.

7Padha duwé tangan, nanging ora bisa nggrayang, padha duwé sikil, nanging ora bisa mlaku, gurungé ora bisa ngetokaké swara.

8Para wong sing nggawé lan sing precaya, dadia kaya brahala mengkono kuwi.

9Hé Israèl! Kowé precayaa marang Allah! Panjenengané sing mitulungi lan dadi tetamèng.

10Hé turuné Harun, precayaa marang Allah! Panjenengané sing mitulungi lan dadi tetamèng.

11Hé wong kang ngabekti marang Allah! Padha precayaa marang Panjenengané. Panjenengané sing mitulungi lan dadi tetamèng.

12Allah ènget marang kita, kersa paring berkah, bakal mberkahi turuné Israèl, bakal mberkahi turuné Harun.

13Bakal mberkahi para wong kang ngabekti marang Allah, wong cilik bareng karo wong gedhé.

14Allah uga marengaké kowé padha tangkar-tumangkar, iya kowé lan anak-putumu.

15Kowé padha kaberkahana déning Allah, kang nitahaké langit lan bumi.

16Swarga iku kagungané Allah piyambak, nanging bumi kaparingaké marang manungsa.

17Wong mati padha ora ngluhuraké Allah, semono uga kabèh wong sing wis medhun ing alam sepi.

18Nanging kita kang isih urip, kita arep memuji marang Allah, wiwit saiki tekan selawasé. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 115 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel