Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 78 >> 

1Kidung isi piwulang anggitané Asaf. Dhuh bangsaku, rungokna piwulangku, tembungku gatèkna.

2Aku arep medharaké kidung kang isi piwulang, arep nerangaké wewadi kang kelakon dhèk jaman kuna.

3Prekara sing wis kita rungu lan kita alami, sing dicritakaké marang kita déning para leluhur.

4Aja kita dhelikaké tumrap anak-putu, nanging arep dakcritakaké marang angkatan sing sabanjuré; yakuwi bab kaluhurané Allah lan pangwasané, apa déné kaélokan kang ditindakaké.

5Pangéran wis ndhawuhaké prenatan kanggo Israèl, lan ngundhangaké angger-angger marang turuné Yakub.

6Para leluhur wis didhawuhi ngandhani marang anak-putu, supaya dingertènana déning turuné ing sapungkuré, iya déning anak-putu kang bakal lair.

7Supaya padha precaya marang Allah lan aja lali sarupaning pakaryané, apa déné padha netepana dhawuhé.

8Karomenèh aja kaya para leluhuré sing padha dadi wong mbangkang sing pangabektiné marang Allah ora mantep, lan atiné ora setya marang Allah.

9Wong taler Éfraim, kang sikep gegaman panah lan gendhéwa, lagi tengah-tengahé perang padha mundur.

10Padha ora ngandel karo janjiné Allah, lan wegah urip manut pangrèhé Pangéran.

11Wong-wong mau padha lali marang pakaryané Allah, lan pendamelé kang élok, kang ditedahaké déning Allah marang wong-wong mau.

12Allah wis nindakaké kaélokan ana ing ngarepé para leluhur mau, ing tanah Mesir, ing daérah Zoan.

13Segara dipiyak, lan umaté disabrangaké. Banyuné digawé ngadeg kaya bendungan.

14Ing wayah awan lakuné umat dituntun nganggo méga, yèn bengi nganggo padhanging geni.

15Gunung watu dibelah ana ing ara-ara samun, umaté nuli diparingi ngombé nganti turah-turah presasat banyu saka segara.

16Saka karang mau Allah metokaké kali, kang banyuné gumrojog kaya kali.

17Éwasemono para leluhur mau padha kebacut-bacut anggoné gawé dosa marang Allah, sarta anggoné mbrontak marang Kang Mahaluhur, ana ing ara-ara samun.

18Malah ing atiné padha nyoba marang Allah, nyuwun diparingi pangan nuruti kepéncuting hawa-nepsuné.

19Unjuké marang Allah, "Apa Allah kwasa maringi pangan ana ing ara-ara samun?

20Panjenengané pancèn kwasa mbelah karang lan metokaké banyu nganti turah-turah, nanging apa kwasa maringi roti utawa daging marang umaté?"

21Mulané bareng ana tembung sing mengkono mau, Allah duka, banjur ana geni nibani umat Israèl.

22Kuwi merga padha ora precaya marang Allah, sarta ora precaya marang pitulungané.

23Éwasemono Allah kersa ndhawuhi méga-méga mbukak gapurané langit.

24Umaté diudani manna kanggo pangan, padha diparingi gandum saka langit.

25Kabèh padha mangan rotining malaékat, padha kaparingan sangu nganti wareg.

26Allah nekakaké angin saka Wétan, lan ngagem kwasané nggiring angin saka Kidul.

27Umaté banjur diparingi manuk presasat udan, cacahé kaya wedhiné segara.

28Ditibakaké ing tengahé perkémahan lan ing sakiwa-tengené kémahé.

29Banjur padha mangan nganti sawaregé, merga padha nguja pepénginané.

30Nalika durung padha marem enggoné mangan, lan pangané isih ana ing cangkemé,

31paukumané Allah mulad-mulad, nyerang wong-wong mau, nganti matèni para pemimpin lan para nonoman Israèl.

32Éwasemono durung padha kapok olèhé gawé dosa, lan nerusaké enggoné ora precaya marang pakaryané Allah kang élok.

33Mulané uripé digawé tanpa guna déning Allah, lan selawasé ora ngalami tentrem.

34Samasa dianani pepati déning Allah, padha éling marang Panjenengané, banjur padha mratobat lan ngungsi marang Allah.

35Padha éling yèn Allah iku pengayomané, lan yèn Kang Mahaluhur iku Juru Slameté.

36Nanging tumindaké mau éthok-éthok, lan tembung sing diucapaké kuwi goroh.

37Merga atiné ora madhep marang Allah, lan iya ora setya marang prejanjiané Allah.

38Éwasemono Pangéran kersa melasi, kaluputané diapura lan umaté ora ditumpes. Allah ora nuruti dukané, lan paukumané ora diluntakaké kabèh.

39Panjenengané kersa ngèngeti yèn manungsa kuwi mung daging, lan mung napas sing metu lan ora bali menèh.

40Para leluhur kerep padha mbangkang marang Allah ana ing ara-ara samun, lan gawé gerahing galihé ana ing segara wedhi.

41Padha nyoba marang Allah lan gawé dukané galihé Kang Mahasuci, Allahé Israèl.

42Padha ora éling marang kwasané Pangéran nalika padha diuwalaké saka tanganing mungsuh,

43nalika Panjenengané gawé kaélokan ing tanah Mesir, lan mujijat-mujijaté ana ing daérah Zoan.

44Banyuné kali-kali lan kalèn-kalèn diwalik dadi getih, nganti ora kena diombé.

45Panjenengané nekakaké laler cathak ganas, lan kodhok-kodhok kang gawé rusak.

46Tandurané wong Mesir kadadèkaké mangsané uler, lan asiling kangèlané didadèkaké pangané walang.

47Wité anggur dipatèni srana udan watu, lan wité ara dipatèni nganggo bun upas.

48Raja-kayané ditumpes srana udan ès, lan pepanthaning kéwané sirna disamber bledhèg.

49Paukumané kang nggegirisi diesokaké, bramantya, deduka sarta karubedan, apa déné wadyabala malaékat teka nggawa bilai.

50Paukumané diumbar makantar-kantar, lan nyawané wong-wong mau ditégakaké ngalami mati, malah diulungaké marang pageblug.

51Anaké pembarep wong Mesir dipatèni kabèh, mangka kuwi sing dadi andel-andelé brayaté.

52Umaté diirid metu kaya wedhus, digiring kaya pepanthan ing ara-ara samun.

53Padha dituntun kanthi tentrem, mula padha ora kwatir, mangka para mungsuhé diklelepaké ana ing segara.

54Umaté diirid menyang tanah suci, yakuwi tanah pegunungan iki, kang direbat déning astané Kang Kwasa.

55Para bangsa kapir padha ditundhung saka ing kono. Tanahé diedum-edum marang bangsa Israèl, umaté dadi tanah pusaka, diukur nganggo tali lan didhawuhi ngenggoni minangka pomahané umaté.

56Nanging bangsa Israèl padha mbrontak marang Allah, lan padha nyoba Panjenengané; dhawuhé padha ora dièstokaké.

57Padha nyingkur Panjenengané, lan kaya para leluhuré, padha ora setya, padha nylèwèng kaya lakuné panah kang lepas saka gendhéwa kang ala.

58Padha gawé sekeling galihé, merga padha kekutug ing gunung-gunung, lan gawé bentèring galihé srana reca-recané.

59Pirsa sing mengkono mau Allah duka banget, mula wong Israèl ditampik babar-pisan.

60Pedalemané ing Silo, kémah sing didalemi ana ing antarané manungsa, ditilar.

61Panjenengané marengaké Pethiné Prejanjian diobong déning mungsuh, mangka kuwi pretandhaning pangwasa lan kamulyané.

62Panjenengané duka marang umaté, mulané padha ditégakaké dipatèni déning mungsuhé.

63Para nonomané padha mati ing peprangan, lan prawan-prawané padha ora ana sing ngepèk bojo.

64Para imam padha mati déning pedhang, lan randhané ora bisa nangisi.

65Wekasané Pangéran banjur kaya wungu saka anggoné saré; kaya prewira kang bingar merga anggoné ngombé anggur.

66Mungsuhé banjur digawé mundur, digawé wirang ing selawasé.

67Taleré Yusuf nuli ditampik, lan taleré Éfraim ora dipilih.

68Sing dipilih taler Yéhuda, Gunung Sion sing dikasihi.

69Panjenengané yasa pasucèn, kang dhuwuré presasat gunung kang dhuwur dhéwé, pondhasiné sentosa kaya bumi, aman ing selawasé.

70Panjenengané milih Dawud, abdiné, dipundhut saka pangonan,

71nalika lagi angon wedhusé, didadèkaké raja ing Israèl, dadi pangoning umaté Allah.

72Olèhé angon kalawan tulusing ati lan tanpa pamrih, sarta kalawan pangrèh kang wicaksana.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 78 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel