Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 51 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku bakal nekakaké prahara sing ngrusak Babil lan rakyaté.

2Aku bakal nekakaké bangsa manca sing bakal numpes Babil kaya prahara sing nyapu damèn nganti resik. Yèn dinané kasangsaran wis tekan, Babil bakal diserang saka kéblat papat, nganti negara mau dadi gempuran.

3Para prejurit aja nganti kober menthang gendhéwané utawa nganggo klambiné keré. Para nonomané aja diéman! Tumpesen tentarané!

4Karebèn padha ketaton lan mati ing dalan-dalané kutha-kutha kono.

5Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl ora bakal ninggal Israèl lan Yéhuda, senajan padha gawé dosa marang Aku.

6Padha mlayua metu saka Babil. Mlayua golèk slamet! Aja nganti katut katumpes merga saka dosané Babil. Aku nindakaké pemales lan ngukum Babil timbang karo dosané.

7Babil kuwi kaya tuwung emas ana ing tangan-Ku, sing ngendemi wong salumahé bumi. Para bangsa padha ngombé saka tuwung mau, mula padha mendem.

8Babil rubuh dadakan lan remuk! Babil tangisana. Tambanana tatuné, mbokmenawa bisa mari.

9Wong manca sing manggon ing kana padha kandha mengkéné, ‘Aku padha nyoba nulungi Babil, nanging wis kasèp. Mulané ayo padha ditinggal mulih waé menyang negara kita dhéwé-dhéwé. Pangéran ndhawuhaké paukumané marang Babil; negara sing gedhé pangwasané kuwi diremuk nganti ajur mumur.’"

10Pangandikané Pangéran, "Umat-Ku sesambat, ‘Pangéran wis ngatingalaké yèn kita ana ing fihak sing bener. Mulané ayo padha menyang Yérusalèm lan ngandhani wong-wong ing kana bab pakaryan sing katindakaké déning Pangéran ana ing kéné.’"

11Pangéran wis ngosikaké atiné raja-raja Média, merga Panjenengané kagungan kersa numpes Babil. Kaya mengkono enggoné bakal males karusakané Pedalemané Allah. Para perwira sing ditugasaké nyerang ngabani, "Panahmu padha asahen! Tamèngmu cawisna!"

12Banjur padha awèh tandha nyerang bètèngé kutha Babil, lan nyentosakaké penjagan, wong jaga padha diprenahaké lan masang wong sing dikon ndhelik nyegat mungsuh. Pangéran bakal nindakaké apa sing dingandikakaké kanggo Babil.

13Negara iki kaliné akèh lan bandhané pirang-pirang, nanging wektuné wis entèk, merga wis tekan watesé umuré.

14Pangéran Kang Mahakwasa wis sumpah demi gesangé piyambak, yèn bakal nekakaké wong akèh nyerang Babil, kaya walang gegolongan sing padha surak-surak merga senengé.

15Pangéran nitahaké bumi srana pangwasané; kanthi kawicaksanan enggoné nalesi jagad lan menthèng sakèhé langit.

16Atas saka dhawuhé, banyu-banyu sing ana ing awang-awang padha gemuruh. Panjenengané nekakaké méga saka pojoking bumi, sarta kilat mbarengi udan. Angin kawetokaké saka panggonané kasimpen.

17Wong sing ndeleng kabèh mau rumangsa bodho lan tanpa teges. Wong sing gawé reca padha kwirangan, merga reca gawéané kuwi ngapusi lan mati.

18Reca-reca mau ora ana ajiné, lan mung barang sepélé. Kuwi kabèh bakal disirnakaké samasa Pangéran ndhawuhaké paukumané.

19Allahé Yakub ora kaya reca mau; Panjenengané sing nitahaké samubarang, lan wis milih Israèl dadi umat kagungané piyambak. Asmané kasebut Pangéran Allah Kang Mahakwasa.

20Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé Babil, kowé kuwi palu-Ku, gaman perang-Ku. Kowé Dakagem ngremuk bangsa-bangsa lan kraton-kraton.

21Dakagem numpes jaran lan sing nunggangi, kréta-perang lan kusiré.

22Dakagem matèni wong lanang wadon, wong tuwa enom, bocah lanang lan bocah wadon.

23Dakagem nyembelèh pangon lan wedhus ngon-ngonané, wong mluku lan sapiné, Dakagem ngremuk para raja lan pegawéné."

24Pangandikané Pangéran mengkéné, "Kowé bakal nyipati pemales-Ku marang wong Babil merga sakèhé piala sing ditindakaké marang Yérusalèm.

25Hé Babil, kowé kuwi kaya gunung sing ngrusak salumahé bumi, nanging ngertia yèn Aku, Pangéran dadi mungsuhmu. Kowé bakal Dakcekel lan Dakbanting ing lemah. Dakdadèkaké gunung geni sing wis sirep.

26Ora ana watu saka jugruganmu sing bakal Dakgawé mbangun omah menèh. Selawasé kowé bakal dadi ara-ara samun. Mengkono pangandikané Pangéran.

27Tandha kanggo nyerang Babil wis diunèkaké; yakuwi swaraning slomprèt sing bisa keprungu déning para bangsa! Bangsa-bangsa padha siyaga merangi Babil! Kraton-kraton Ararat, Mini lan Askenas kandhanana supaya nyerang. Ngangkata sénapati sing bakal mimpin serangan. Kumpulna jaran sing akèhé kaya walang.

28Para bangsa cawisna nglurug perang nglawan Babil. Tekakna raja-raja Média, para penggedhé lan para pegawéné, sarta tentarané negara-negara sing dadi jajahané.

29Bumi gemeter lan horeg merga Pangéran nindakaké rancangané nggawé Babil dadi ara-ara samun, sing ora ana sing ngenggoni.

30Para prejurité Babil mandheg enggoné perang, manggrok ana ing bètèng-bètèngé. Wis ilang kekendelané lan dadi kaya wong wadon. Gapuraning kutha diobrak-abrik, omah-omahé diobongi.

31Kongkonan sing rikat playuné padha gentèn-gentèn ngaturi pirsa marang raja ing Babil yèn kuthané wis nggempur pirang-pirang panggonan.

32Mungsuh wis ngrebut penyabrangané lan ngobong bètèngé. Para prejurit Babil padha gugup.

33Ora suwé menèh bakal ambruk ing lemah, banjur diidak-idak kaya gandum ana ing papan nutu. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl."

34Raja ing Babil wis nyembelèh Yérusalèm nuli dipangan. Kaya wong ngesok kendhi nganti kothong, ya kaya mengkono enggoné ngentèkaké wong Yérusalèm. Yérusalèm diuntal, kaya kéwan galak sing nguntal mangsané. Banjur njupuk apa sing dibutuhaké, sisané dibuwang.

35Wis sapantesé wong ing Sion muni, "Muga-muga Babil diwales saboboté panindhes sing ditandukaké marang kita!" Mulané wong Yérusalèm padha muni, "Muga-muga Babil diwales manut gedhéning kasangsaran sing kita alami!"

36Mulané Pangéran banjur ngandika marang wong-wong ing Yérusalèm mengkéné, "Aku bakal mbélani prekaramu, lan bakal males sapenggawéné mungsuhmu marang kowé. Etuk-etuk ing Babil bakal Dakpampet lan kali-kaliné bakal Dakasataké.

37Negara kuwi bakal dadi tumpukané jugrugan lan dadi panggonané kéwan galak. Bakal dadi sesawangan sing nggegirisi. Ora ana wong sing gelem manggon ana ing kono, lan kabèh wong sing weruh bakal padha wedi banget.

38Wong Babil bakal padha gero-gero kaya singa lan nggereng kaya anak singa.

39Samasa padha keluwèn bakal Dakcawisi panganan sing énak-énak nganti padha mendem lan surak-surak. Sawisé mengkono bakal padha ambruk nggloso lan ora tangi menèh.

40Wong-wong mau banjur bakal Dakulungaké supaya disembelèh kaya wedhus gèmbèl, wedhus jawa lan wedhus bérok. Mengkono pangandikané Pangéran."

41Pangandikané Pangéran kanggo Babil mengkéné, "Kutha sing dadi pengalemané wong salumahé bumi bakal karebut! Babil bakal dadi sesawangan sing nggegirisi kanggoné para bangsa!

42Babil bakal keleban segara srana ombak lan aluné.

43Kutha-kuthané bakal dadi sesawangan sing nggegirisi kaya segara wedhi sing kasatan ing banyu, sing ora dienggoni utawa diambah déning wong.

44Bèl, brahalané Babil bakal Dakukum, lan barang-barang colongané bakal Dakwetokaké; bangsa-bangsa bakal ora nyembah brahalané menèh. Bètèngé Babil wis ambruk.

45Hé wong Israèl, padha mlayua metu saka kono! Padha mlayua nylametaké nyawamu nyingkiri paukuman-Ku.

46Aja wedi lan aja geter karo udreg-udregan sing kokrungu. Pendhak taun mesthi ana gègèr. Gègèran sing merga tekané panindhes utawa raja-raja sing tukar-padu, sing siji nglawan sijiné.

47Mulané wis tekan mangsané Aku ngukum para brahalané Babil. Sanegara kabèh bakal padha kwirangan, lan wongé bakal padha dipatèni kabèh.

48Sarupané kumelip ing langit lan ing bumi bakal padha surak-surak, samasa Babil dirubuhaké lan digempur déning bangsa-bangsa sing teka saka Lor.

49Babil wis njalari patiné wong sajagad, lan saiki Babil dhéwé bakal ambruk merga wis njalari patiné wong Israèl akèh. Mengkono pangandikané Pangéran."

50Pangandikané Pangéran marang umaté sing ana ing Babil mengkéné, "Kowé wis padha oncat saka pati! Saiki budhala. Aja kokendhé-endhé enggonmu budhal. Senajan kowé adoh saka negaramu, élinga marang Aku, Pangéran Allahmu, lan élinga marang kutha Yérusalèm.

51Kowé padha kandha, ‘Kula sampun kwirangan lan dados poyokan. Kawula sampun tanpa daya babar-pisan, margi Pedalemanipun Allah sampun karebat déning bangsa-bangsa sanès.’

52Aku wis ngandika yèn wis tekan wektuné Aku ndhawahaké paukuman marang para brahalané Babil, nganti swarané wong sing padha gereng-gereng merga ketaton keprungu ing saindenging negara.

53Senajana Babil bisa mumbul ing langit lan ana ing kana mbangun bètèng sing sentosa, Aku bakal ngutus wong nggempur bètèng mau. Mengkono pangandikané Pangéran."

54Pangandikané Pangéran mengkéné, "Rungokna swaraning tangisé wong ing Babil, sing padha nangisi rusaking negarané.

55Aku bakal nggempur Babil lan Dakbungkem selawas-lawasé. Para tentara padha ngebyuk mlebu kutha kaya jumeguré ombak, lan padha nempuh kutha mau karo surak-surak.

56Pancèn tekané supaya nggempur Babil, lan nawan prejurité, sarta mutungi gendhéwané. Aku iki Allah sing ngukum piala, lan males Babil imbang karo pialané.

57Para penggedhéné bakal Dakgawé mendem, mengkono uga para wongé wasis, para pemimpin lan para prejurité. Wong-wong mau bakal padha turu lan ora tangi menèh. Mengkono pangandikané Pangéran, kang jumeneng Raja, Kang Mahakwasa.

58Bètèngé Babil sing sentosa bakal digempur lan dirata karo lemah, lan gapura-gapurané sing dhuwur bakal diobong nganti entèk. Sakèhé kangèlané para bangsa bakal muspra tanpa gawé, asilé pegawéané bakal kaobong. Mengkono pangandikané Pangéran."

59Abdiné Raja Zedekia kuwi jenengé Seraya bin Neria, bin Mahséya. Nalika Zedekia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak taun kapaté, Seraya ndhèrèkaké tindaké Zedekia menyang Babil, karo dakweling.

60Sakèhé kasangsaran sing bakal nekani Babil daktulis ing buku, mengkono uga prekara-prekara liyané sing magepokan karo Babil.

61Welingku marang Seraya mengkéné, "Yèn kowé wis tekan Babil, buku iki wacanen sing seru kanggo wong-wong ing kana; apa waé sing kasebut ing kono wacanen.

62Banjur kowé ndedongaa, ‘Dhuh Allah, Paduka sampun ngandika bilih badhé nggempur panggènan menika, ngantos mboten wonten makluk gesang ingkang kantun ing ngriki, dadosa tiyang utawi kéwan. Lan bilih panggènan menika badhé dados ara-ara samun ing selami-laminipun.’

63Seraya, yèn enggonmu maca wis rampung kitab iki banjur bandhulana watu, lan buwangen ing Bengawan Éfrat,

64karo munia, ‘Mengkéné iki bakal kedadéané Babil. Bakal ambles lan ora njumbul menèh, merga saka paukuman sing bakal diparingaké déning Pangéran.’" Tekan seméné pamedhar wangsité Nabi Yérémia.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 51 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel