Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 60 >> 

1Tangia hé Yérusalèm lan nyunarna pepadhang kaya srengéngé; awit kamulyané Pangéran wis madhangi kowé!

2Bangsa-bangsa liya bakal ketutupan ing pepeteng, nanging pepadhangé Pangéran bakal nyunari kowé.

3Para umat bakal padha marani pepadhangmu lan raja-raja bakal nekani cahya sing madhangi kowé.

4Ndelenga ing kiwa-tengenmu apa sing kelakon ing kono, wong-wongmu padha nglumpuk arep budhal bali. Anak-anakmu lanang bakal teka saka tanah adoh. Anak-anakmu wadon bakal padha digéndhong kaya bocah cilik.

5Kowé bakal ndeleng kuwi mau kabèh, mula atimu bungah. Saka bungahmu kowé bakal gugup. Kasugihané bangsa-bangsa bakal diwènèhaké marang kowé, kasugihan sing asalé saka sabrangé segara.

6Unta pirang-pirang bakal teka saka Midian lan saka Éfa. Ana uga sing saka Syéba. Wong-wong bakal padha nyritakaké kabar kabungahan bab pakaryané Allah.

7Sakèhé wedhus sing ana ing Kédhar lan Nébayot bakal diklumpukaké ana ing ngarepmu dienggo kurban, kasaosaké ana ing mesbèhé Pangéran supaya gawé renaning penggalihé. Pangéran bakal mbangun Pedalemané luwih mulya ketimbang karo sing uwis-uwis.

8Prau-prau sing tekané kaya méga, kaya manuk dara sing marani paguponé, kuwi prau apa?

9Kuwi prau-prau sing saka negara-negara adoh, nggawa anak-anakmu saka negara-negara mau karo momot slaka lan emas, kanggo ngurmati asmané Pangéran, Allahé Israèl Kang Mahasuci, sing paring kaluhuran marang umaté!

10Pangandikané Pangéran marang Yérusalèm, "Bangsa-bangsa manca bakal mbangun bètèngmu. Para rajané bakal padha ngladèni kowé. Merga saka duka-Ku kowé Dakgebugi, nanging merga saka palimirma-Ku kowé saiki Dakwelasi.

11Gapuramu bakal tansah menga rina lan wengi, supaya para rajané bangsa-bangsa bisa mlebu, ngeteraké raja-branané kanggo kowé.

12Nanging para bangsa sing ora ngladèni kowé bakal katumpes babar-pisan.

13Hé Yérusalèm, kayu-kayu Libanon sing éndah bakal diteraké menyang panggonanmu, kayata kayu sanobar, kayu berangan lan kayu cemara. Kayu-kayu kuwi kanggo mbangun kuthamu lan Pasucèn-Ku, supaya luwih éndah lan agung.

14Para anaké wong sing nganiaya kowé bakal padha marani kowé karo temungkul, lan anaké wong sing biyèn ngala-ala kowé bakal padha sumungkem ing tlapakanmu, lan kowé bakal disebut: ‘Kuthané Pangéran’, ‘Sion, kagungané Allahé Israèl Kang Mahasuci’.

15Kowé bakal ora ditinggal lan disengiti menèh kaya dhèk biyèn, nalika ora diambah déning wong lan sepi nyenyet. Kowé bakal Dakgawé gedhé lan éndah, dadi panggonan sing nyenengaké selawasé.

16Bangsa-bangsa lan raja-raja bakal ngrumati kowé, kaya biyung sing ngrumati anaké sing isih bayi. Kowé bakal ngerti yèn Aku, Pangéran, sing mitulungi kowé. Allahé Israèl Kang Mahakwasa sing ngluwari kowé.

17Kowé bakal Dakparingi emas gantiné tembaga, slaka lan tembaga minangka ijolé wesi lan watu. Para penggedhému bakal ora nindhes kowé menèh, merga bakal Dakdhawuhi ngerèh kowé kalawan adil lan njaga katentreman.

18Ing tanahmu bakal ora ana kabar panganiaya menèh, lan bakal ora ana kerusakan ana ing tapel watesmu. Aku bakal ngayomi kowé lan njaga bètèngmu. Kowé bakal ngluhuraké Aku, merga Aku wis mitulungi kowé.

19Dudu srengéngé menèh sing madhangi kowé ing wayah awan, lan dudu rembulan sing madhangi kowé ing wayah bengi, nanging Aku dhéwé, Pangéran, sing bakal dadi pepadhangmu selawasé. Kamulyan-Ku bakal dadi pepadhangmu.

20Mangsané prihatinmu bakal rampung. Aku, Pangéran, sing jumeneng dadi pepadhangmu sing langgeng ing selawasé, ngungkuli srengéngé lan rembulan.

21Wong-wongmu bakal dadi wong mursid menèh lan bakal nduwèni tanahé selawas-lawasé. Wong-wong kuwi padha dadi dhedheran tanduran-Ku dhéwé, yasaning asta-Ku, supaya Aku diluhuraké déning wong kabèh.

22Brayatmu sing cilik lan asor dhéwé bakal dadi bangsa gedhé lan sentosa; yèn wis tekan mangsané kuwi kabèh Dakgawé énggal kelakon. Aku sing jumeneng Pangéran!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 60 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel