Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 86 >> 

MASMUR 86; Pandonga nyuwun pitulungan

1Pandongane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa paring wangsulan, amargi kawula nandhang sangsara saha kesrakat.

2Nyawa kawula mugi Paduka reksa, awit Paduka asih dhumateng kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari abdi Paduka ingkang pitados dhumateng Paduka punika.

3Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka welasi, amargi sadinten muput anggen kawula sesambat dhumateng Paduka.

4Paduka mugi karsaa mbingahaken nyawanipun abdi Paduka amargi, dhuh Pangeran, nyawa kawula sumengka dhumateng Paduka.

5Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten, punapa malih sih-susetya Paduka punika luber tumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.

6Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, saha karsaa migatosaken swaraning panyuwun kawula.

7Ing dinten karibedan kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka, amargi Paduka karsa paring wangsulan dhumateng kawula.

8Dhuh Allah, ing antawisipun para allah boten wonten ingkang nyameni Paduka, sarta boten wonten ingkang ngemperi pakaryan Paduka.

9Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.

10Amargi Paduka punika agung saha nindakaken kaelokan-kaelokan; inggih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Allah.

11Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka tedahaken margi Paduka, supados lampah kawula manuta ing kaleresan Paduka; manah kawula mugi Paduka golongaken supados ajrih-asih dhumateng asma Paduka.

12Dhuh Pangeran, Allah kawula, kawula badhe ngaturaken pamuji sokur kanthi gumolonging manah dhumateng Paduka saha ngluhuraken asma Paduka ing salami-laminipun;

13amargi agung sih-susetya Paduka dhumateng kawula, saha nyawa kawula sampun Paduka luwari saking jagading tiyang pejah ingkang lebet piyambak.

14Dhuh Allah, tiyang ingkang angkuh sami gumregah nempuh kawula, saha grombolaning tiyang gumunggung sami ngangkah dhateng nyawa kawula, sarta boten mreduli dhumateng Paduka.

15Nanging Paduka punika, dhuh Pangeran, Allah ingkang ambek welasan saha asih, agung kasabaran Paduka saha luber sih tuwin kasetyan Paduka.

16Kawula mugi Paduka pirsani saha kaparingana sih-piwelas, abdi Paduka mugi Paduka paringi karosan Paduka, anakipun jaler parekan Paduka mugi kaluwarana.

17Kawula mugi Paduka paringi pratandhaning kasaenan, supados para satru kawula sami sumerep kalayan wirang, bilih Paduka dhuh Yehuwah, sampun paring pitulungan saha panglipur dhumateng kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 86 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel