Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 53 >> 

1Sapa kang ngandel marang pawarta kang padha dakrungu, lan sapa kang kawedharan astaning Yehuwah kang kwaos iku?

2Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lembah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi, kang menginake kita.

3Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.

4Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengae iku kena ing ipat-ipat, kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah.

5Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.

6Kita padha nglambrang kayya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.

7Panjenengane kinaniaya, nanging kendel bae sajrone katindhes iku lan ora mbikak tutuke kaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan; kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepe para wong kang padha ngguntingi wulune, kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke.

8Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran, lan sapa kang mikir marang nasibe? Panjenengane sanyata wus kapethal saka ing nagarane para wong urip, tuwin marga saka pambalelaning umatingSun Panjenengane kena ing ipat-ipat.

9Pasareane kapapanake ing satengahe para wong duraka, lan anggone seda ana ing satengahe para durjana, sanadyan Panjenengane ora nindakake kekerasan tuwin tutuke ora kadunungan cidra.

10Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane. Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang, sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak sarana astane.

11Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.

12Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang pati lan marga saka anggone kagolongake wong mbalela, sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akeh lan ndongakake para wong kang mbalela.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 53 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel