Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 20 >> 

1Ing kutha Gilgal ana wong dursila jenengé Séba. Séba kuwi anaké Bikri, saka taler Bènyamin. Nalika iring-iringané Dawud teka, Séba ngunèkaké kanthi sora, "Kita iki ora ana gandhèng-cènèngé karo Dawud. Prelu apa kita ndhèrèkaké? Hèh wong Israèl, ayo padha mulih!"

2Wong-wong Israèl banjur padha ninggal Raja Dawud lan mèlu Séba. Nanging wong-wong Yéhuda tetep setya lan ndhèrèkaké Dawud saka Kali Yardèn tekan Yérusalèm.

3Sawisé Sang Prabu rawuh ing kratoné ing Yérusalèm, selir sepuluh sing wis ditinggal supaya nunggu kraton, dipapanaké ing omah sing tansah dijaga. Butuhé wong-wong mau dicukupi, nanging Raja Dawud ora tau awor karo wong-wong mau. Dadiné wong-wong mau dipingit lan uripé kaya déné randha nganti samatiné.

4Raja dhawuh marang Amasa, "Wong-wong Yéhuda padha klumpukna lan padha mrénéa bebarengan sajroning telung dina!"

5Amasa banjur lunga prelu nglumpukaké wong-wong Yéhuda, nanging ora bali ing wektu sing wis ditemtokaké.

6Raja banjur ngndika marang Abisai, "Séba bakal luwih mbebayani tumrap kita ketimbang karo Absalom. Mulané nggawaa prejuritmu lan Séba oyaken, supaya aja nganti ngebroki kutha-kutha sing ana bètèngé, sarta aja nganti bisa lolos."

7Yoab, wong Kreti, wong Pleti sarta para prejurit liyané nuli padha mangkat saka Yérusalèm, ngoyak Séba.

8Nalika padha tekan ing watu gedhé ing Gibéon, Amasa wis ndhisiki ana ing kono. Yoab nganggo sandhangan perang, pedhangé disarungaké lan ditalèkaké ing sabuké. Nalika njangkah maju, sarunging pedhangé ucul, nganti pedhangé mau tiba ing tangané kiwa.

9Yoab kandha marang Amasa, "Kanca, kepriyé kabaré?" karo ndemok jénggoté Amasa nganggo tangané tengen, kaya-kaya arep ngaras dhèwèké.

10Amasa ora weruh pedhang sing ana ing tangané kiwa Yoab. Dumadakan Yoab nyudukaké pedhangé ing wetengé Amasa, nganti jeroané metu. Amasa tiwas sanalika, nganti Yoab ora prelu ngambali. Yoab lan Abisai, adhiné, banjur nerusaké enggoné ngoyak Séba.

11Ana prejurité Yoab ngadeg ing sacedhaké jisimé Amasa karo clathu, "Sapa sing mihak Yoab lan Dawud, nututana Yoab!"

12Jisimé Amasa, sing kebak getih mau, gemléthak ana ing satengahing dalan. Prejurité Yoab weruh, yèn sapa waé sing liwat kono padha mandheg. Mulané dhèwèké banjur nyèrèd jisim mau menyang ara-ara sarta dilurubi jubah.

13Bareng jisimé wis disingkiraké saka dalan, wong-wong kabèh padha nerusaké lakuné nututi Yoab ngoyak Séba.

14Séba wis ngliwati wilayahé taler Israèl kabèh, banjur tekan kutha Abèl-Bèt-Maaka, dietutaké déning wargané brayaté Bikri kabèh.

15Prejurité Yoab krungu Yèn Séba ana ing kono; kutha mau banjur dikepung. Para prejurit banjur padha ngunthuk-unthuk lemah ing sakubengé témbok sisih njaba minangka tamèng sarta wiwit gawé jugangan ing sangisoring témbok, supaya témboké jugrug.

16Ing kutha kono ana wong wadon sing pinter, ngadeg ing sandhuwuring témbok, banjur ngucap sora, "Rungokna! Rungokna! Padha matura Yoab, supaya Yoab mréné; aku kepéngin rembugan karo dhèwèké."

17Yoab banjur teka lan wong wadon mau takon, "Menapa panjenengan menika Yoab?" "Iya," wangsulané. Aturé wong wadon mau, "Panjenengan pirengaken atur kula menika!" "Iya dakrungokaké," wangsulané Yoab.

18Aturé wong wadon mau, "Kala rumiyin tiyang-tiyang adatipun criyos mekaten, ‘Yèn kowé mbutuhaké pituduh, lungaa menyang kutha Abèl’ !!— Menapa ungel-ungelan menika sampun kasuwak?

19Abèl menika kitha babon ing Israèl, ingkang tentrem piyambak saha setya dhateng tanah Israèl. Menapa sebabipun déné badhé panjenengan risak? Menapa panjenengan kepéngin ngrisak tanah kagunganipun Gusti Allah?"

20"Ora," wangsulané Yoab, "Babar-pisan aku ora arep ngrusak lan nglebur kuthamu!

21Ora mengkono karepku. Nanging ana wong sing jenengé Séba anaké Bikri, asalé saka wilayah pegunungan Éfraim, mbrontak marang Raja Dawud. Wong kuwi ulungna marang aku, lan aku banjur bakal mundur saka kutha kéné." Aturé wong wadon mau, "Sirahipun tiyang menika badhé kula uncalaken dhateng panjenengan, nglangkungi témbok menika."

22Wong wadon mau banjur lunga sarta ngandhakaké karepé wong-wong ing kutha kono. Séba banjur ditigas guluné lan sirahé diuncalaké marang Yoab. Yoab banjur ngunèkaké slomprèt lan para prejurit lunga saka kutha kono mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé. Yoab uga mulih menyang Yérusalèm sowan Raja Dawud.

23Para penggedhé sing diangkat déning Raja Dawud yakuwi: Sénapatining prejurit Israèl: Yoab. Penggedhéné prejurit pengawal sing njaga keslametané Dawud: Benaya, anaké Yoyada.

24Penggedhéné wong rodi: Adoniram. Sing ngurusi bandha negara: Yosafat, anaké Ahilud.

25Sèkretaris negara: Seya. Imamé: Zadok lan Abyatar.

26Imam kraton: Ira saka kutha Yair.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel