Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kejadian 26 >> 

1Kecrita ing negara kono ana pailan gedhé, kaya dhèk jamané Abraham. Iskak banjur lunga menyang Gérar, sowan ing ngarsané Abimèlèh, raja ing Filistin, saprelu nyuwun supaya dililani manggon ana ing kono.

2Sebab Gusti Allah wis ngetingal marang Iskak lan ngandika, "Kowé aja lunga menyang tanah Mesir, manggona ana ing tanah kéné, kaya sing Dakdhawuhaké marang kowé.

3Aku bakal nganthi lan mberkahi kowé. Tanah iki kabèh bakal Dakparingaké marang kowé lan marang anak-turunmu. Aku bakal netepi janji-Ku marang Abraham, bapakmu.

4Anak-turunmu bakal Dakdadèkaké akèh banget nganti kaya lintang ing langit, lan tanah iki kabèh bakal Dakparingaké dadi duwèké. Sakèhé bangsa ing bumi bakal nyuwun Dakberkahi, kaya enggon-Ku mberkahi anak-turunmu.

5Kowé bakal Dakberkahi, merga saka Abraham, kang mbangun-turut marang Aku lan nglakoni sakèhé prenatan lan dhawuh-Ku."

6Mulané Iskak tetep manggon ana ing Gérar.

7Nalika wong-wong ing kono padha nakokaké bab Ribkah, Iskak mangsuli yèn Ribkah kuwi adhiné, dudu bojoné. Iskak wedi yèn dipatèni wong-wong ing kono merga kepéngin ngrebut Ribkah, awit Ribkah kuwi rupané ayu banget.

8Kocapa bareng wis wetara suwé enggoné manggon ana ing Gérar kono, lan Raja Abimèlèh pinuju ngungak saka jendhélané, panjenengané ngonangi Iskak lagi sih-sinihan karo Ribkah, bojoné.

9Iskak banjur ditimbali lan dipangandikani, "Dados Ribkah menika saèstunipun garwa panjenengan ta! Kénging menapa panjenengan kokngendika bilih piyambakipun menika rayi panjenengan?" Wangsulané Iskak, "Kula kuwatos dipun pejahi menawi kula ngaken, bilih Ribkah menika sémah kula."

10Pangandikané Abimèlèh, "Tumindak panjenengan ingkang kados mekaten menika tumrap kula sabangsa mboten pantes sanget. Saupami kelampahan wonten salah setunggaling tiyang kula ngempali garwa panjenengan menapa mboten lepat panjenengan piyambak?"

11Abimèlèh nuli ndawuhaké marang rakyaté kabèh mengkéné, "Sapa sing ngganggu-gawé Iskak utawa bojoné, bakal kena ukum pati."

12Iskak nyebar wiji ing tanah kono, lan taun kuwi panèné tikel satus, merga saka berkahé Pangéran.

13Bandhané saya mundhak akèh nganti wekasané Iskak dadi wong sing sugih banget.

14Sarèhné raja-kayané sing rupa wedhus gèmbèl lan sapi, semono uga baturé akèh banget, wong Filistin padha mèri.

15Banjur padha ngurugi sumur-sumur sing didhudhuk déning para abdiné Abraham, nalika Abraham isih urip, ditableg lemah.

16Raja Abimèlèh banjur ngandika marang Iskak, "Panjenengan kula aturi késah saking ngriki, awit kawibawan panjenengan sampun nglangkungi kula sedaya."

17Iskak banjur lunga saka tanah kono, lan manggon ing Lembah Gérar, nganti kepara suwé.

18Sumur-sumur sing didhudhuk nalika jamané Abraham lan ditableg déning wong-wong Filistin didhudhuk menèh. Sumur-sumur mau dijenengi padha kaya enggoné njenengi bapakné biyèn.

19Abdi-abdiné Iskak padha ngedhuk sumur ana ing Lembah Gérar kono lan metu banyuné.

20Nanging para pangon ing Gérar padha ngajak tukaran karo para pangoné Iskak. Padha muni, "Sumur iki duwèkku." Mulané Iskak njenengi sumur mau "Ésèk," tegesé: tukaran.

21Abdiné Iskak ngedhuk sumur liyané, lan ing kono dadi padu menèh. Mulané sumur mau dijenengi: "Sitna," tegesé: memungsuhan.

22Iskak banjur pindhah saka ing kono lan ngedhuk sumur menèh, nanging ora ndadèkaké tukar-padu. Mulané sumur mau dijenengi: "Réhobot," tegesé: Ombèr. Ujaré, "Saiki Gusti Allah maringi ombèr marang Aku ing bumi kéné, lan kita bakal saya makmur."

23Saka ing kono Iskak pindhah menyang Bèrsyéba.

24Ing sawijining dina, ing wayah bengi Gusti Allah ngetingal marang Iskak, pangandikané, "Aku iki Allahé bapakmu Abraham. Aja wedi. Aku nganthi marang kowé. Aku bakal mberkahi kowé, lan anak-turunmu bakal Dakgawé akèh banget, merga saka janji-Ku marang Abraham, abdi-Ku."

25Iskak banjur ngedegaké mesbèh lan ngluhuraké Asmané Gusti Allah ana ing kono. Iskak nuli masang kémah lan abdiné padha ngedhuk sumur menèh.

26Ing sawijining dina Raja Abimèlèh teka saka Gérar, karo Ahuzat, penaséhaté, lan Pikhol, sénapatiné, arep ketemu karo Iskak.

27Iskak takon, "Kénging menapa samenika panjenengan sami rawuh mriki, mangka rumiyin panjenengan nundhung kula saking Gérar?"

28Wangsulané Abimèlèh sakancané, "Samenika sampun tetéla, bilih Gusti Allah nganthi dhateng panjenengan, lan kula kinten saé menawi kita sami damel prejanjian. Kula aturi sumpah,

29bilih panjenengan mboten badhé nandukaken pendamel awon dhateng kula, kados déné kula inggih mboten badhé nandukaken pendamel awon dhateng panjenengan. Kula sampun damel saé dhateng panjenengan, sarta panjenengan késah tanpa kula menapak-menapakaken. Kanggé kula sampun cetha, bilih panjenengan menika dipun ayomi déning Allah."

30Iskak banjur nganakaké pésta kanggo ngurmati Abimèlèh sakancané, nuli padha mangan lan ngombé.

31Ésuké Iskak lan Abimèlèh bebarengan padha sumpah. Iskak nuli nguntapaké tamuné nalika padha budhalan, sawisé kuwi banjur padha pepisahan.

32Ing dina iku uga baturé Iskak padha teka lapur, yèn sumur sing padha didhudhuk wis metu banyuné.

33Iskak banjur njenengi sumur mau "Séba," tegesé: Sumpah; mula kutha ing kono disebut Bèrsyéba.

34Nalika umur patang puluh taun Ésau rabi karo prawan loro saka bangsa Hèt, jenengé Yudit, anaké Beèri lan Basmat, anaké Élon.

35Wong wadon loro mau gawé susahé Iskak lan Ribkah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kejadian 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2021
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran