Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 21 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, kandhakna karo Yérusalèm. Kandhakna ana ing panggonan-panggonan pangibadah. Tanah Israèl élingna,

3yèn Aku Pangéran ngandika mengkéné, ‘Aku iki mungsuhmu. Pedhang-Ku bakal Dakunus lan kowé kabèh bakal Dakpatèni, dadia wong becik utawa wong ala.

4Pedhang-Ku bakal Daktamakaké marang angger wong wiwit saka Lor tekan Kidul.

5Angger wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran. Pedhang-Ku wis Dakunus lan ora bakal Dakbalèkaké ing rangkané menèh.’

6Hé wong apes, kowé sesambata ana ing ngarepé wong akèh kaya wong sing sedhih banget, sing wis ora duwé pengarep-arep menèh.

7Yèn kowé ditakoni, yagéné kowé sesambat, kandhaa yèn kuwi merga ana kabar sing mentas kokrungu. Yèn kabar kuwi sumebar, wong kabèh bakal padha giris, tangané bakal sèngklèh, ilang kekuwatané lan dhengkulé théklok. Wis tekan mangsané, malah wis kelakon. Mengkono pangandikané Pangéran."

8Pangandikané Pangéran mengkéné,

9"Kandhaa, wedharna pangandika-Ku sing Dakdhawuhaké marang kowé, ‘Pedhangé wis diasah lan digosok.

10Diasah bakal dienggo matèni, digosok supaya mencorong kaya kilat. Bakal ora ana kabungahan, merga umat-Ku nampik saben pepéling bab bakal tekané paukuman.

11Pedhangé wis digosok, cemawis kari namakaké. Wis diasah lan digebeg, kari ngulungaké ing tangané algojo sing arep padha matèni.

12Nangisa sing seru, kowé wong apes, pedhang iki bakal kasabetaké marang umat-Ku, lan marang para penggedhéné Israèl. Kuwi kabèh bakal dipatèni bareng karo umat-Ku sing kèri. Tebah-tebaha dhadha nandhakaké semplahé atimu!

13Aku arep nyoba umat-Ku, yèn padha ora gelem mratobat nlangsani dosané, prekara-prekara iki kabèh bakal nempuh marang wong-wong mau.’

14Mulané hé wong apes, keplok-keploka, lan pedhang iki bakal mbabadi wong-wong mau, bola-bali. Iki pedhang sing ampuh kanggo matèni, pedhang sing dayané nggegirisi lan sing kanggo mutahaké getih.

15Umat-Ku bakal ilang kekendelané, mula bakal ambruk. Kutha-kuthané Dakancam nganggo pedhang sing gemebyar kaya kilat lan cemepak kanggo mematèni.

16Sabetna ngiwa lan nengen, hé pedhang kang ampuh! Nyabeta, ing ngendi waé adhepmu.

17Aku iya bakal keplok-keplok, lan paukuman-Ku bakal sirep. Mengkono pangandikané Pangéran."

18Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

19"Hé wong apes, nggambara dalan loro sing bakal diliwati raja Babil sing arep teka nggawa pedhang. Dalan mau loro-loroné saka negara siji. Masanga tandha-tandha ing simpangan-simpangan saka dalan kono tekan kutha siji-sijiné.

20Ana dalan simpangan sing bakal diambah raja Babil menyang Raba, kutha-krajané Amon, lan ana dalan simpangan menyang Yéhuda, menyang Yérusalèm, kutha sing disentosani nganggo bètèng.

21Raja Babil bakal mandheg dhisik ana ing simpangan, lan nliti dhisik dalan sing arep diambah, nganggo nglepasaké panah lan takon penemuné para brahalané, mriksa jeroané kéwan sing digawé kurban.

22Yèn tangané kiwa sing nyekel panah nuding menyang Yérusalèm, kuwi ateges yèn bakal menyang Yérusalèm, ngedegaké menara-menara kanggo ngepung kutha mau, ngumumaké perang, masang dudur sing kanggo njebol lawanging gapura, gawé tanggul, ngedhuk kalèn kanggo amping-amping.

23Wong-wong ing Yérusalèm bakal ora ngandel, merga wis gawé prejanjian damé. Nanging pamedhar wangsit iki prelu kanggo melèhaké dosa-dosané lan pepéling yèn wong-wong mau bakal ditawan.

24Mengkéné pangandikané Pangéran Allah, ‘Dosamu wis konangan. Angger wong wis ngerti sepira gedhéné pialamu. Satingkah-lakumu ngétokaké panerakmu. Paukumanmu wis katetepaké, mulané saiki kowé bakal Dakulungaké marang mungsuh-mungsuhmu.’

25Hé kowé ratuné Israèl sing ala, dina pengapesanmu wis tekan, yakuwi dina enggonmu bakal kasirnakaké.

26Aku, Pangéran wis paring dhawuh. Copoten makuthamu lan sorbanmu singkirna. Kaanané wis malih kabèh. Sing mlarat bakal dadi penggedhé, sing dadi raja bakal dilèngsèr.

27Gempuren, gempuren! Ya, kutha iki bakal Dakdadèkaké gempuran. Nanging kelakoné iki mengko yèn wong sing Dakpilih ngukum kutha iki wis teka. Kutha iki banjur bakal Dakulungaké marang wong mau."

28"Hé wong apes, medhara wangsit! Wartakna pangandika-Ku kanggo wong Amon, sing padha moyoki wong Israèl. Munia, ‘Pedhangé wis samekta nyirnakaké; wis digosok siap kanggo mematèni, wis gilap kaya kilat.

29Wahyu-wahyumu kuwi goroh, lan ramalan-ramalané juru tenungmu kuwi apus-apusan. Kowé kuwi wong jahat lan wong ala. Dina paukumanmu sing pungkasan wis teka. Pedhang-pedhang bakal disabetaké ing gulumu.

30Pedhangé lebokna ing rangkané menèh! Kowé bakal Dakadili ana ing papan panggonanmu katitahaké, ana ing negara asalmu.

31Aku bakal ngesokaké paukuman-Ku marang kowé kabèh. Lan Aku bakal ngulungaké kowé ing tangané wong sing tegelan, wong sing ahli ngrusak.

32Kowé bakal katumpes déning geni. Getihmu bakal Dakwutahaké ana ing tanahmu dhéwé, lan kowé bakal ora diélingi menèh ing selawasé. Mengkono pangandikané Pangéran.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel