Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Bilangan 21 >> 

1Arad mono sawijining kutha ing tanah Kenaan sisih Kidul. Bareng rajané kutha mau krungu yèn bangsa Israèl arep teka liwat dalan Atarim, bangsa Israèl banjur diserang lan wong-wongé sawetara ditawan.

2Wong Israèl banjur ngaturaké janji marang Allah, unjuké, "Menawi Pangéran marengaken kula saged ngawonaken tiyang-tiyang menika, kitha-kitha satiyangipun sedaya badhé kula saosaken dhateng Paduka tanpa sarat, sarta tiyang-tiyangipun badhé kula tumpes sedaya."

3Gusti Allah miyarsakaké panyuwuné wong Israèl mau lan mbiyantu nelukaké wong Kenaan. Wong Kenaan lan kutha-kuthané ditumpes kabèh. Panggonan kono banjur dijenengaké Horma.

4Wong Israèl banjur lunga saka Gunung Hor, menyang Teluk Akaba, maksudé ngalang ngubengi tanah Édom. Nanging sajroné mlaku entèk sabaré,

5banjur padha muni-muni nyalahaké Gusti Allah lan Musa, tembungé, "Kénging menapa kula dipun bekta medal saking tanah Mesir kapurih pejah ing seganten wedhi menika. Ing ngriki mboten wonten tedha; toya kanggé ngombé inggih mboten wonten. Kula sami bosen nedha tetedhan ingkang rèmèh menika!"

6Gusti Allah nuli nekakaké ula mandi ing satengahé wong Israèl, nganti akèh sing padha mati dicokot ula mau.

7Wong Israèl nuli padha ngadhep marang Musa lan matur, "Kula sampun sami damel dosa nglepataken Gusti Allah lan panjenengan. Samenika kula aturi nyuwun dhateng Pangéran, supados sawer-sawer menika kasingkirna saking tengah kula." Musa banjur ndedonga kanggo bangsa Israèl.

8Gusti Allah nuli dhawuh marang Musa gawé ula tiron saka tembaga lan didhawuhi masang ing cagak. Saben wong sing dicokot ula dikon mandeng ula tembaga mau, supaya mari.

9Musa banjur gawé ula tiron saka tembaga, dipasang ing cagak. Saben wong sing dicokot ula lan mandeng ula tembaga mau banjur dadi waras.

10Wong Israèl nuli nerusaké lakuné, banjur pasang kémah ing kutha Obot.

11Saka panggonan kono nuli ngalih menyang tilasé kutha Abarim ing ara-ara samun sawétané tanah Moab.

12Banjur ngalih saka kono menyang Lebak Zèrèd.

13Saka kono ngalih menèh menyang panggonan saloré Kali Arnon, yakuwi pesamunan sing ambané nganti tekan tanahé wong Amori. (Kali Arnon kuwi tapel watesé tanahé wong Moab karo tanahé wong Amori.)

14Mulané ing ‘Kitab Perangé Allah’ ana tulisan: "Désa Wahèb, ing tanah Sufa lan ing lebaké Kali Arnon,

15lan lèrèng-lèrèngé lebak sing jembaré nganti tekan désa Ar, sing ngener ing tapel watesé tanahé wong Moab."

16Saka kono padha ngalih menyang Beèr panggonan sing ana sumuré. Ing kono Allah ngandika marang Musa, "Wong Israèl padha klumpukna, arep Dakparingi banyu kanggo ngombé."

17Ana ing kono wong Israèl padha menyanyi mengkéné: "Sumur-sumur padha etokna banyumu saiki, arep dakpethuk karo memuji,

18Sumur sing dikedhuk para putra raja, dijerokaké déning para penggedhéné bangsa, nganggo tekené keprabon, ya tekené para penggedhé kedhaton." Saka pesamunan kono wong Israèl banjur ngalih menyang Matana,

19saka kono menyang Nahalièl, banjur menyang Bamot;

20saka Bamot menyang lebaké wong Moab, cedhak karo pucaké Gunung Pisga, ngadhepaké segara wedhi.

21Wong Israèl kirim utusan marang Sihon, raja Amori, dikon matur mengkéné,

22"Kula nyuwun idin ndhèrèk langkung ing negari panjenengan. Kula lan raja-kaya kula mboten badhé nyimpang saking mergi, ngidak-idak pategilan lan kebon-kebon anggur, sarta ngombé saking sumur-sumur panjenengan. Kula namung badhé mlampah urut mergi ageng, ngantos medal saking wilayah panjenengan."

23Nanging Raja Sihon ora ngidini wong Israèl liwat ing wilayahé. Malah nglumpukaké tentarané, banjur nglurug menyang Yahas, ing pesamunan, nyerang wong Israèl.

24Nanging ing peprangan mau akèh wong Amori sing mati. Wilayahé banjur direbut lan dienggoni wong Israèl, saka Kali Arnon tekan Kali Yabok, sing sisih Lor, yakuwi tapel watesé tanahé wong Amon, sing kuat.

25Srana mengkono wong Israèl nelukaké kutha-kuthané wong Amori kabèh, uga Hèsbon lan kutha-kutha cilik ing sakiwa-tengené. Wong Israèl banjur padha manggon ing kono.

26Hèsbon kuwi kutha krajané Raja Sihon. Raja mau tau perang karo raja Moab sing biyèn, lan ngrebut wilayahé nganti tekan Kali Arnon.

27Mulané pujangga padha duwé kekidungan mengkéné: "Tekaa ana ing Hèsbon, negarané Raja Sihon; kepéngin aku nyipati, kutha iki didandani.

28Tau kelakon ing kutha iki, tentara Sihon murub kaya geni, gawé ludhes kutha Ar, tanah Moab, pegunungan sauruté Kali Arnon padha dilalap.

29Kowé wong Moab kena musibah! Déwa Kamos sing koksembah! Kamos téga wongmu dadi pengungsi, bojomu ditawan raja Amori.

30Nanging wis ludhes saiki turuné, saka Hèsbon tekan Dibon saterusé, saka Nasim tekan Nofah, cedhak Médeba, lebur kabèh tinggal-donya."

31Wong Israèl banjur manggon ing tanahé wong Amori.

32Sawisé mengkono Musa banjur akon wong-wong golèk dalan sing becik dhéwé kanggo nyerang kutha Yaézèr. Kutha kuwi iya banjur direbut déning wong Israèl, mengkono uga kutha cilik-cilik ing sakiwa-tengené. Wong-wong Amori ditundhungi lunga.

33Saka kono wong Israèl lakuné ngener ing kutha Basan. Og rajané wong Basan methukaké karo nggawa tentarané, banjur perang ing kutha Édrèi.

34Pangandikané Allah marang Musa, "Aja wedi karo Og. Wong kuwi Dakulungaké marang kowé, sarakyaté lan sanegarané. Tumpesen kaya enggonmu numpes Raja Sihon lan Hèsbon."

35Og banjur dipatèni wong Israèl, mengkono uga anak-anaké lan rakyaté kabèh, ora ana sing kari. Tanah mau banjur dienggoni déning wong Israèl.



 <<  Bilangan 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Single Panel

Laporan Masalah/Saran