Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Amsal 2 >> 

Gunane ngupaya kawicaksanan

1He anakku, manawa kowe nampani tembung-tembungku, lan nyimpen prentahku ana ing sajroning atimu,

2temah kupingmu nggatekake marang kawicaksanan, sarta atimu kokadhepake marang kapinteran,

3lan manawa kowe njaluk tulung marang pangreten, lan ngenerake swaramu marang kapinteran,

4manawa iku kokupaya kaya golek salaka, lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem,

5kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwah lan oleh kawruh bab Gusti Allah.

6Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan, saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran.

7Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, -- Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad --

8kambi njagi lakuning kaadilan, lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya.

9Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan, lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik.

10Awitdene kawicaksanan bakal lumebu ing atimu sarta kawruh iku bakal nyenengake nyawamu;

11kawicaksanan bakal ngopeni kowe, sarta kapinteran bakal rumeksa marang kowe,

12supaya kowe kaedohna saka ing dalan kang ala, saka wong kang nglairake apus krama;

13saka wong kang padha ngungkurake dalan kang lurus lan lumaku ing dalan kang peteng;

14kang seneng nindakake piala, sarta surak-surak marga saka kadursilane;

15kang menggak-menggok lakune lan kang keblinger tindak-tanduke;

16karomaneh supaya kowe uwal saka wanita tuna-susila, lan wong wadon liyane kang lunyu tembung-tembunge,

17kang ninggal bojone jaka-lara, sarta lali marang prasetyane Gusti Allah;

18lan omahe ilang ambles marang pati, sarta dalane anjog ing papaning arwah-arwah.

19Sapa kang marani wong iku, ora bisa bali, lan ora bisa tumeka ing dalaning urip.

20Mulane lumakua ing dalane wong kang becik, nirua lakune wong mursid.

21Marga wong jujur kang bakal padha ngenggoni tanah, lan para wong kang tanpa cacad bakal padha tetep manggon ing kono,

22nanging para wong duraka bakal padha kasirnakake saka ing tanah iku, sarta wong kang laku cidra bakal padha kabuwang saka ing kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Amsal 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel