MASMUR 20; Pandonga nyuwun kaunggulan kagem Sang Prabu
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. (20-2) Sang Yehuwah mugi karsaa paring wangsulan dhumateng panjenengan dalem ing wekdal karibedan; asmaning Allahipun Rama Yakub mugi dadosa bebeteng dalem.
2(20-3) Sang Yehuwah mugi ngintunana pitulungan saking pasucen dhateng panjenengan dalem, sarta nyantosakaken panjenengan dalem saking Sion.
3(20-4) Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban, sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. (Selah)
4(20-5) Mugi panjenengan dalem pinaringan punapa ingkang kakarsakaken, sarta mugi sageda kalampahan punapa ingkang panjenengan dalem rancang.
5(20-6) Kawula sami badhe surak-surak margi saking kaunggulan dalem, sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula, Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem.
6(20-7) Saiki aku sumurup yen Sang Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi, lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.
7(20-8) Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane, nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.
8(20-9) Wong iku padha ambruk, padha tiba, nanging aku padha ngadeg jejeg.
9(20-10) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaunggulan dhateng Sang Prabu! Mugi karsaa paring wangsulan samangsa kawula munjuk!