Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 24 >> 

1Gusti Allah duka menèh marang Israèl, mula Dawud banjur didamel supaya nekakaké kasangsaran. Pangandikané Gusti Allah marang Dawud, "Nganakna cacah jiwa ing Israèl lan Yéhuda."

2Dawud banjur dhawuh marang Yoab, sénapatining prejurité, "Lungaa nggawa para perwiramu, menyang taler-taleré Israèl sanegara kabèh, nyacahaké para kawula. Aku kepéngin ngerti pira cacahé."

3Nanging Yoab matur, "Mugi-mugi Allah panjenengan nikelaken cacahipun tiyang Israèl samenika ngantos tikel satus, saha panjenengan taksih sugeng saged mirsani tiyang-tiyang menika. Nanging kanggé menapa panjenengan ngersakaken cacah jiwa menika?"

4Raja Dawud nggegegi dhawuhé mau, dadiné Yoab lan para perwirané banjur padha mangkat saka ngarsané raja prelu ngétung bangsa Israèl.

5Sawisé nyabrang Kali Yardèn, Yoab lan para prejurité masang kémah ing sakidulé Aroèr, kutha ing satengahing tanah ngaré, wilayah Gad. Saka kono banjur padha ngalor, menyang Yaézèr,

6terus menyang Giléad sarta menyang Kadès, ing wilayahé wong Hèt. Sawisé mengkono banjur menyang Dhan, saka Dhan ménggok ngulon, menyang Sidon.

7Banjur padha mengidul, menyang Tirus, kutha sing ana Bètèngé. Sabanjuré padha menyang sakabèhing kuthané wong Hèwi lan wong Kenaan, lan wusanané menyang Bèrsyéba, ing Yéhuda sisih Kidul.

8Enggoné padha ndlajahi salumahing negara kabèh suwéné sangang sasi lan rong puluh dina. Sawisé kuwi banjur padha bali menyang Yérusalèm,

9sarta nglapuraké marang raja olèh-olèhané enggoné nyacah jiwa mau. Cacahing wong lanang sing bisa dadi prejurit ing Israèl ana 800.000 lan ing Yéhuda ana 500.000.

10Nanging sawisé Dawud rampung enggoné ngétung bangsa mau, banjur rumangsa keluputan, banjur matur marang Gusti Allah, "Kawula sampun damel dosa! Dhuh Gusti, mugi kersa maringi pangapunten dhateng kawula, mergi tumindak kawula menika bodho sanget."

11(24:11-12) Gusti Allah ngandika marang Nabi Gad sing dadi mitrané Dawud, "Lungaa lan kandhaa karo Dawud, yèn Aku maringaké pilihan werna telu. Aku bakal nindakaké apa waé sing dadi pilihané." Ésuké, sawisé Dawud wungu saré,

12(24:11)

13Gad séba lan martakaké dhawuhé Gusti Allah marang Dawud, unjuké, "Pundi ingkang panjenengan pilih: Paceklik ing negari menika tigang taun dangunipun, menapa milih dipun oyak-oyak déning mengsah tigang wulan dangunipun, utawi ngalami pageblug ing negari menika tigang dinten dangunipun? Panjenengan temtokaken samenika menapa ingkang kedah kula aturaken dhateng Gusti Allah."

14Raja ngandika, "Aku bingung banget! Nanging aku ora gelem kena paukumané manungsa. Kita kabèh karebèn kena ukumané Allah waé, sebab katresnané gedhé banget."

15Sawisé kuwi Gusti Allah nekakaké pageblug marang Israèl wiwit ésuk nganti tekan wektu sing wis ditemtokaké. Ing Israèl cacahé wong sing mati pitung puluh èwu.

16Malaékaté Allah sing nggawa pepati mau wis tekan ing sacedhaké panuton gandum duwèké Arauna, wong Yébus. Nalika malaékat mau tata-tata arep numpes Yérusalèm, Gusti Allah ngrébah putusané enggoné ngukum bangsa mau. Pangandikané marang malaékat mau, "Wis cukup! Mandhega!"

17Raja Dawud pirsa malaékat mau, banjur matur marang Allah, "Kawula ingkang damel dosa saha kawula ingkang lepat. Nanging menapa kalepatanipun bangsa ingkang sangsara menika? Kawula saha brayat kawula mugi Panjenengan ukum!"

18Ing dina kuwi uga Gad nyowani Raja Dawud sarta matur, "Mugi panjenengan kersa tindak ing panuton gandum gadhahanipun Arauna, saha ngedhegaken mesbèh kagem Gusti Allah."

19Dawud nuruti tembungé Gad lan mangkat, kaya sing didhawuhaké déning Allah.

20Kebeneran Arauna lagi nginguk mengisor, lan weruh yèn raja sarta para pendhèrèké rawuh. Arauna sujud,

21sarta matur, "Panjenengan kagungan kersa menapa?" Paring wangsulané Dawud, "Arep nuku panuton gandum iki lan ngedhegaké mesbèh kagem Gusti Allah, supaya pageblug iki sirep."

22Aturé Arauna, "Panjenengan pundhut kémawon menapa ingkang panjenengan galih saé. Menika lembu-lembu kagem kurban obongan. Minangka kajeng obongipun panjenengan saged ngagem rakitaning lembu saha blabaging panuton."

23Kabèh mau diaturaké déning Arauna marang raja karo matur, "Mugi Allah panjenengan kersa nampi kurban panjenengan."

24Nanging raja ngandika, "Aku emoh misungsungaké kurban marang Allahku, tanpa nganggo mbayar apa-apa. Kabèh duwèkmu iki kudu daktuku." Dawud enggoné mundhut papan panuton gandum lan sapi-sapi mau kanthi rega dhuwit slaka sèket iji.

25Raja Dawud banjur ngedhegaké mesbèh ana ing kono kagem Allah sarta nyaosaké kurban obongan lan kurban slametan. Gusti Allah nyembadani panyuwuné Dawud, banjur nyingkiraké pageblug mau saka tanah Israèl.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel