Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 1 >> 

1Sawisé Musa, abdiné Allah tilar-donya, Gusti Allah ngandika marang wakilé Musa, yakuwi Yosua bin Nun,

2mengkéné, "Abdi-Ku Musa wis tinggal-donya. Saiki kowé lan umat Israèl kabèh padha cecawisa nyabrang Kali Yardèn, ngrebuta tanah sing wis Dakparingaké marang Israèl.

3Kaya sing wis Dakngandikakaké marang Musa lan umat-Ku kabèh.

4Jembaré saka segara wedhi ing sisih Kidul, mengalor nganti tekan pegunungan Libanon; sing sisih Wétan wiwit saka Bengawan Éfrat, kali sing gedhé kuwi mengulon, klebu uga tanahé wong Hèt, nganti tekan Segara Tengah.

5Yosua! Sajegé uripmu ora bakal ana wong sing bisa ngalahaké kowé. Aku bakal ana ing sisihmu, kaya enggon-Ku mbiyantu marang Musa. Kowé bakal tansah Dakayomi; bakal ora Daktégakaké lan ora Daktilar.

6Sing kendel lan sing teguh imanmu, sebab kowé sing bakal ngirid bangsa iki ngrebut tanah sing wis Dakjanjèkaké karo leluhuré.

7Sing tatag atimu lan sing kendel. Aja lali ngèstokaké dhawuh-dhawuh-Ku kabèh, sing dikandhakaké déning Musa abdi-Ku marang kowé klawan éklasing ati. Aja pisan-pisan ana sing koklalèkaké, supaya kowé bisa menang.

8Jaganen sing temenan, supaya Kitab dhawuh-dhawuh kuwi tansah diwaca samasa kowé nindakaké pangibadah. Surasané Kitab mau padha sinaunen rina lan wengi, lan apa sing Daktulis ana ing kono padha lakonana kabèh, aja ana sing kokrèmèhaké. Yèn koklakoni, kowé bakal lestari urip lan bakal bisa nindakaké sedhéngah prekara.

9Élinga, yèn Aku wis dhawuh supaya kowé teguh imanmu lan kendel! Aja wedi lan imanmu aja kendho, merga Aku Pangéran Allahmu nunggil karo kowé ing saparan-paranmu."

10Yosua banjur akon penggedhéné Israèl

11supaya ngideri kémah-kémahé wong Israèl lan mréntahaké marang rakyat mengkéné, "Padha nyepakna sangu, sebab telung dina engkas kowé kudu nyabrang Kali Yardèn, ngrebut tanah sing diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé."

12Yosua préntah marang klompok Rubèn, klompok Gad lan sapérangané klompok Manasyè mengkéné,

13"Élinga, yèn Musa, abdiné Allah, wis kandha karo kowé, menawa tanah sawétané Kali Yardèn iki wis diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé dadi duwèkmu.

14Anak-bojo lan raja-kayamu kabèh tinggalen ing kéné; déné wong-wongmu sing kulina perang padha ndhisikana sedulur-sedulurmu wong Israèl, nyabrang ing Kali Yardèn, mbiyantu perang,

15nganti tanah sakuloné kali, sing diparingaké déning Pangéran Allahmu marang sedulur-sedulurmu wong Israèl, wis karebut kabèh. Yèn Gusti Allah wis marengaké umat Israèl kabèh urip klawan tentrem, wong-wongmu mau lagi kena mulih menyang tanahmu dhéwé ing sawétané Kali Yardèn, sing wis diparingaké déning Musa, abdiné Allah, marang kowé."

16Klompok Rubèn, klompok Gad lan sapérangané klompok Manasyè mangsuli, "Menapa kémawon ingkang panjenengan dhawuhaken badhé kula lampahi; dipun dhawuhi késah dhateng pundi kémawon, kula badhé mangkat.

17Kula badhé ngèstokaken dhawuh-dhawuh panjenengan sedaya, mboten béda kaliyan enggèn kula ngèstokaken dhawuhipun Musa kala semanten. Mugi Pangéran Allah panjenengan nunggil kaliyan panjenengan, kados enggènipun nunggil kaliyan Musa!

18Sintena kémawon ingkang nglawan dhateng pangwaos panjenengan, utawi mboten ngèstokaken dhawuh panjenengan, badhé kaukum pejah. Mila panjenengan ingkang tatag tuwin kendel kémawon!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel