Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 89 >> 

MASMUR 89; Kasetyaning Yehuwah marang Sang Prabu Dawud

1Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi. (89-2) Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun, kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.

2(89-3) Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit.

3(89-4) Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun, Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.

4(89-5) Wijinira Suntetepake ing salawas-lawase, sarta dhamparira Sunbangun nganti turun-tumurun.” (Selah)

5(89-6) Margi saking punika langit ngucap sokur margi saking kaelokan Paduka, dhuh Yehuwah, malah inggih jalaran saking kasetyan Paduka ing satengahing pasamuwanipun para suci.

6(89-7) Amarga ing mega-mega iku sapa kang ngembari Pangeran Yehuwah, lan ing antarane para kang manggon ing swarga sapa kang madhani Sang Yehuwah?

7(89-8) Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci, lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.

8(89-9) Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka? Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.

9(89-10) Gumunggungipun saganten punika Paduka ingkang ngereh, manawi alunipun ageng Paduka ingkang ngendhakaken.

10(89-11) Rahab sampun Paduka remuk kados tiyang ingkang pinejahan, mengsah Paduka sampun Paduka buyaraken klayan asta Paduka ingkang rosa.

11(89-12) Langit punika kagungan Paduka, bumi punika ugi kagungan Paduka, jagad saisinipun sadaya punika Paduka ingkang ndhasari.

12(89-13) Ler lan kidul punika Paduka ingkang nitahaken, redi Tabor tuwin Hermon sami bingah-bingah surak-surak margi saking asma Paduka.

13(89-14) Paduka ingkang kagungan bau santosa asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.

14(89-15) Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka, sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.

15(89-16) Rahayu bangsa ingkang saged surak-surak, dhuh Yehuwah, gesangipun kasunaran ing wedana Paduka,

16(89-17) sami asurak-surak sadinten muput margi saking asma Paduka, saha sami rumaos luhur margi kaadilan Paduka.

17(89-18) Amargi Paduka ingkang dados kamulyaning karosanipun, singat kawula kaunggulaken margi saking keparenging panggalih Paduka.

18(89-19) Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah, saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.

19(89-20) Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi, suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan, sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.

20(89-21) Ingsun wus nemu Dawud, abdiningSun, kang wus Sunjebadi kalawan lenganingSun kang suci.

21(89-22) Iku bakal tetep Sunreksa kalawan astaningSun, sarta Sunsantosakake kalawan bauningSun.

22(89-23) Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh, apadene kawasesa ing wong culika.

23(89-24) Mungsuhe bakal padha Sunremuk ana ing ngarepe, sarta kang padha nyengiti bakal Sunsirnakake.

24(89-25) Iku bakal kinanthi ing kasetyan lan sih-kadarmaningSun, sarta sungune bakal kaunggulake karana asmaningSun,

25(89-26) Ingsun bakal ndadekake tangane ngwasani segara, sarta tangane tengen ngereh kali-kali.

26(89-27) Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: “Paduka punika Rama kawula, Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.”

27(89-28) Sarta iya bakal Sunjunjung dadi putra pembarep, tuwin kang luhur dhewe ana ing antarane para raja ing salumahing bumi.

28(89-29) Sih-susetyaningSun marang dheweke bakal Sunlestarekake ing salawase, lan prasetyaningSun bakal tetep tumrap dheweke.

29(89-30) Anak-putune Sunlestarekake lumintu ing salawase, apadene dhampare ing saumuring langit.

30(89-31) Saupama anak-putune padha nglirwakake ToretingSun, sarta lakune ora manut ing pranataningSun,

31(89-32) lan padha nerak marang katetepaningSun, sarta ora netepi pepakeningSun,

32(89-33) panerake mesthi padha Sunwales kalawan gada, tuwin kaluputane kalawan gebug.

33(89-34) Nanging sih-susetyaningSun bakal ora Sunedohake saka Dawud, sarta Ingsun ora bakal nyelaki kasetyaningSun.

34(89-35) Ingsun ora bakal nerak marang prasetyaningSun, tuwin apa kang kawedhar saka ing lathiningSun ora bakal Sunowahi.

35(89-36) Sapisan Ingsun wus sumpah demi kasuceningSun, mesthi Ingsun ora bakal cidra marang Dawud.

36(89-37) Tedhak-turune bakal lestari ing salawas-lawase, lan dhampare kaya srengenge ana ing ngarsaningSun,

37(89-38) kaya rembulan kang ana ing salawas-lawase minangka seksi kang setya tuhu ana ing mega.” (Selah)

38(89-39) Nanging Paduka piyambak nampik saha nyebrataken, sarta ndhawahaken bebendu Paduka dhumateng ingkang Paduka jebadi,

39(89-40) prajanjian Paduka kaliyan ingkang abdi Paduka batalaken, makuthanipun Paduka regedi kados lebu,

40(89-41) balowartinipun Paduka rebahaken, beteng-betengipun Paduka dadosaken jugrugan.

41(89-42) Sadaya tiyang ingkang langkung wonten ing margi sami ngrayahi, sarta dados cacadan tumrap tangga tepalih.

42(89-43) Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken, sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.

43(89-44) landheping pedhangipun Paduka damel mbalik, Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.

44(89-45) Cahyanipun Paduka suremaken, sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.

45(89-46) Dinten enemipun sampun Paduka celakaken; piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)

46(89-47) Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan, sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?

47(89-48) Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun, punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?

48(89-49) Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah, ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)

49(89-50) Dhuh Pangeran, pundi sih-susetya Paduka ingkang sakawit, ingkang Paduka janjekaken dhateng Dawud mawi supaos demi kasetyan Paduka punika?

50(89-51) Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa ngengeti bilih abdi Paduka dipun wewada, saha bilih kawula nandhang pangerang-erangipun para bangsa wonten ing salebetipun manah kawula,

51(89-52) ingkang dipun ucapaken para mengsah Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang kalairaken kangge memada tindak-tandukipun jebadan Paduka.

52(89-53) Pinujia Pangeran Yehuwah ing salami-laminipun. Amin. Amin!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 89 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel