MASMUR 45; Kidungan nalika palakramaning ratu
1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka bani Korakh. Kidung piwulang: kidung katresnan. (45-2) Atiku ngluberake tembung kang ngresepake, aku arep ngunjukake kekidunganku marang Sang Prabu; ilatku iku dadi pene juru-tulis kang wasis.
2(45-3) Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun.
3(45-4) Dhuh Sang Prawira, pedhang dalem panjenengan dalem sengkelit, ing salebeting kaluhuran saha kamulyan dalem!
4(45-5) Ing salebeting kamulyan dalem punika kawula aturi majeng dhemi kaleresan, peri kamanungsan saha kaadilan! Asta dalem tengen supados ngunjukna piwulang dhumateng panjenengan dalem bab pandamel ingkang ngedab-edabi!
5(45-6) Jemparing dalem sami landhep-landhep nembus manahipun para mengsahipun Sang Prabu, para bangsa sami sumungkem ing ngandhapipun sampeyan dalem.
6(45-7) Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun, jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.
7(45-8) Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka; mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.
8(45-9) Busana dalem sadaya ngganda blendok mur, kajeng garu tuwin cendhana, saking kadhaton gadhing swaraning clempung damel renaning pangalih dalem;
9(45-10) para putrining ratu sami kagolong kaliyan para kekasih dalem, Sang Prameswari jumeneng wonten ing tengen dalem, ngagem busana kencana saking Ofir.
10(45-11) Dhuh Sang Putri, panjenengan dalem kawula aturi mirsani, mugi karsaa nilingaken talingan dalem, sampun ngengeti dhateng bangsa dalem sarta sadaya isining padalemanipun rama dalem!
11(45-12) Sang Prabu supados kasengsem margi saking endahing sarira dalem, awit punika gusti dalem! Kawula aturi nyembah wonten ing ngarsanipun.
12(45-13) Putri ing Tirus marak mbekta pisungsung; para tiyang sugih ing antawisipun rakyat sami sowan badhe ngasih-asih dhumateng panjenengan dalem.
13(45-14) Putrine Sang Prabu iku dadi kaendahan ana ing njero, busanane sinulaman benang mas.
14(45-15) Anggone kasowanake marang ngarsane Sang Prabu ngagem busana sulaman manca warna, kadherekake dening para kenya mitrane, yaiku para kang padha katimbalan kagem panjenengane.
15(45-16) Iku padha kasowanake kalawan suka-suka lan asurak-surak, padha lumebu ing kadhatone Sang Prabu.
16(45-17) Para putra dalem prayoginipun sami nggentosana para leluhur dalem, tuwin sami panjenengan dalem wisudha dados pangageng wonten ing salumahing bumi.
17(45-18) Kawula sami badhe nyuwuraken asma dalem ngantos turun-tumurun, mila sakathahipun bangsa sami badhe memuji dhumateng panjenengan dalem ing salajengipun saha ing salaminipun.