Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 69 >> 

MASMUR 69; Pandonga ing sajroning karubedan

1Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Kembang bakung. Saka Sang Prabu Dawud. (69-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pitulungi, awit toyanipun sampun minggah dumugi ing gulu kawula.

2(69-3) Kawula ambles ing rawa ingkang lebet, boten wonten papan kangge pancadan; kawula sampun klelep wonten ing toya ingkang lebet, alun ageng ngentiraken kawula.

3(69-4) Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing; mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula.

4(69-5) Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula, kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula, ingkang nyatur kawula tanpa sabab; kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.

5(69-6) Dhuh Allah, Paduka mirsa menggah bodho kawula, kalepatan-kalepatan kawula Paduka boten kekilapan.

6(69-7) Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah, para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka, mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula. Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka, sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula.

7(69-8) Margi saking Paduka kawula tampi pamada, rai kawula kebak cacad.

8(69-9) Kawula dipun emohi sadherek-sadherek kawula, anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes,

9(69-10) margi anggen kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula, sarta tembung-tembung panacad dhumateng Paduka sampun namani kawula.

10(69-11) Kawula ngrisak badan kawula sarana siyam, nanging punika ugi dados cacad tumrap kawula;

11(69-12) kawula mangangge bagor, lajeng dados pocapanipun.

12(69-13) Kawula tansah dados rembagipun tiyang-tiyang ingkang sami linggih ing korining gapura, kawula dipun nyanyekaken dening tiyang ingkang sami remen ngombe inuman keras kalayan ngungelaken clempung.

13(69-14) Nanging kawula, kawula ndedonga dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, ing wekdal Paduka karenan ing panggalih, dhuh Allah; demi sih-piwelas Paduka ingkang agung, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, kanthi pitulungan Paduka ingkang setya!

14(69-15) Kawula mugi Paduka entasaken saking ing endhutan, sampun ngantos kleleb, kawula mugi kaluwarana saking tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula, sarta saking toya ingkang lebet.

15(69-16) Ombaking toya sampun ngantos ngentiraken kawula, sampun ngantos kawula kauntal ing teleng, saha sumur sampun ngantos ngingkemi kawula.

16(69-17) Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, awit sih-piwelas Paduka punika pinunjul, Paduka mugi karsaa mirsani kawula salaras kaliyan sih-rahmat Paduka ingkang ageng.

17(69-18) Sampun ngantos nyingidaken wadana Paduka saking abdi Paduka, amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!

18(69-19) Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula. Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula.

19(69-20) Paduka nupiksani cacad kawula, kawirangan kawula saha kanisthan kawula. Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.

20(69-21) Manah kawula rempu margi saking panyamah, telah pangajeng-ajeng kawula; kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina, sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.

21(69-22) Malah kawula dipun tedhani racun, sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.

22(69-23) Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun, lan kendhurenipun dadosa kala.

23(69-24) Mripatipun sami dadosa peteng, ngantos boten saged ningali; sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!

24(69-25) Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika, sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.

25(69-26) Pemahanipun dadosa suwung, kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ing ngenggeni.

26(69-27) Amargi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi, sami ngindhaki sakitipun tiyang ingkang sami Paduka tatoni.

27(69-28) Durakanipun tiyang-tiyang punika mugi Paduka wewahi, sampun ngantos sami manggih kaleresan wonten ing ngarsa Paduka!

28(69-29) Mugi kacoreka saking kitabing gesang, sampun ngantos kecathet nunggil kaliyan tiyang ingkang sampurna!

29(69-30) Nanging kawula punika katindhes lan sinangsara, dhuh Allah, karahayon peparing Paduka mugi ngayomi kawula!

30(69-31) Asmane Allah bakal dakpuji kalawan kekidungan, sarta Panjenengane dakluhurake kanthi kidung panuwun.

31(69-32) Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang, ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.

32(69-33) Delengen, he wong kang andhap-asor lan padha bungah-bungaha, he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh!

33(69-34) Amarga Pangeran Yehuwah miyarsakake marang wong kang padha mlarat, lan ora nyepelekake marang umate kang dadi tahanan.

34(69-35) Panjenengane muga linuhurna dening langit lan bumi, sarta segara dalah kang molah ana ing jerone.

35(69-36) Amarga Gusti Allah bakal mitulungi Sion, sarta mbangun kutha-kutha ing Yahuda, supaya dienggoni para umate lan dadia darbeke.

36(69-37) Para anak-putune abdine bakal padha tampa warisan iku, sarta wong kang tresna marang asmane bakal padha manggon ana ing kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 69 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat