MASMUR 83; Pandonga nyuwun pitulungan nglawan mungsuh
1Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan. (83-2) Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendel mugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!
2(83-3) Amargi mengsah Paduka sami gumuruh, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak,
3(83-4) sami ngrantam paekan nglawan Paduka, sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.
4(83-5) Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa iku supaya jenenge Israel ora kocap maneh!”
5(83-6) Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg, sami damel prajanjian nglawan Paduka:
6(83-7) Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael, Moab kaliyan Hagar,
7(83-8) Gebal lan Amon tuwin Amalek, Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,
8(83-9) ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau, sami dados bebantunipun darah Lut. (Selah)
9(83-10) Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian, kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,
10(83-11) ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor, sami dados rabuking siti.
11(83-12) Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb, saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah,
12(83-13) ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegi papan-papan padalemaning Allah.”
13(83-14) Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul, kados mrambut ingkang kabur ing angin.
14(83-15) Kados latu ingkang mbesmi wana, saha kados urubing latu ingkang nggesengaken redi-redi,
15(83-16) sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka, tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka.
16(83-17) Rainipun sami kasasabana ing wirang, supados sami ngupadosana asma Paduka, dhuh Yehuwah.
17(83-18) Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,
18(83-19) supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yehuwah, Ingkang Mahaluhur tuwin misesani ing salumahing bumi.